Sabtu, 25 Desember 2010

Khablum Minalloh Wa Khablum Minan Nass

Khablum Minalloh Wa Khablum Minan Naas





إِنَّ الْحَمْدَ لِلَّهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهْ وَنَعُوذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَمِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا، مَنْ يَهْدِي اللهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِيَ لَهُ. وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ. اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ أَجْمَعِيْنَ. أَمَّا بَعْدُ؛. يَا أَيُّهَا النَّاسُ أُوْصِيْكُمْ وَإِيَّايَ بِتَقْوَى اللهِ فَقَدْ فَازَ الْمُتَّقُوْنَ. قَالَ    تَعَالَى: يَا أَيُّهاَ الَّذِيْنَ ءَامَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنتُمْ مُّسْلِمُوْنَ  فَإِنَّ أَصْدَقَ الْحَدِيثِ كِتَابُ اللهَ، وَخَيْرَ الْهَدْيِ هَدْيُ مُحَمَّدٍ صَلَّى الله عَلَيْهِ وَسَلَّمَ

Maasyirol   Muslimin   Rokhimakumulloh :
Al-khamdulillah Was Syukrulillah, Tansah kito aturaken dumateng Ngarso dalem Allah Swt, engkang sampun pareng pinten-pinten Nikmat dumetng kito, Bil khusus Nikmat Iman lan Nikmat Islam, engkang kedah lan tansah kito jagi lsoho kito ugemi ngantos akhir hayat kito  kepanggeh ngarso dalem Allah Swt.

Perwujudan raos syukur kito dumateng sedoyo  nikmat-nikmatipun Allah Ta’ala,eng antawisipun inggih meniko: “Kelawan tansah berusaha kangge meningkatken ketaqwaan kito dumateng Allah Ta’ala, kelawan sak  estu-estu taqwa, Wonten pundike mawon lan eng ndalem kakhanan punopoke mawon (ITTAQILLAHA  KHAITSUMMA  KUNTA)

Sebab namung mawi keimanan lan ketaqwaan kito dumateng Allah Ta’ala menikolah, kito bakal pikantuk kabejan wonten eng alam dunyonipun, lan bakal Pikantuk keslametan soho kamulyan  mbenjang wonten eng alam akhiratipun. Dawuhipun Allah Ta’ala :

“Wallohu ’Alamu Bi Muroddihi,...Seng Sopo Wonge kang gelem Taqwa Marang Gusti Allah Ta’ala, Mongko Temtu Allah Ta’ala iku bakal pareng  jalan keluar (sangkeng sekabehane kerupekane)  kanggone dewe’e, lan bakal dipun  paringi rizqi  (deneng gusti Allah) sangkeng arah dalan  kang mboten dipun songko-songko” (QS : At-Thalaq 2-3)


Ma’asyirol   Muslim ien  Rokhimakumulloh :
Allah  Ta’ala  eng Al-Qur’an Sampun Dawuhaken :

“Wallohu‘Alamu Bimuroddihi, lan Printah-no Marang Keluargamu, Supoyo (Podo) Ninda’ake (Kewajiban) Sholate,lan (Podo) Sabaro Sliramu Kabeh eng Ndalem Anggonmu Nindak’ake (Kewajiban iro),Saktemene Ingsun (Allah) iku Ora Njaluk Rizqi Marang Sliramu, (Sebab) Saktemene Ingsun (Allah) iku Kang Bakal Pareng Rizqi Marang Sliramu (Kabeh), lan Akibat (Kang Apik) iku Kanggone Wong-wong (kang) Taqwa (Marang Allah) (QS : Taha : 132)

Ma’asyirol   Muslimin   Rokhimakumulloh :
Miturut Keterangan Imam Ibnu Katsir, eng Kitab Tafsiripun dipun sebataken bileh Maksudipun Ayat meniko :  ”Lamon Kito lan Keluargo Kito meniko Purun Tansah Njagi dateng Kewajiban Sholat Gangsal Wekdalipun, Mongko Temtu Allah Ta’ala Meniko Bakal Pareng Rizqi kelawan Mboten Kanyono) Rizqi engkang ”Min Khaetsu Laa Yah Tasiib”.(Kitab Tafsir Ibnu Katsir Juz III Shohifah : 134)

Ma’asyirol   Muslimin   Rokhimakumulloh :
Dawuhipun Allah Ta’ala meniko, saget jelas (utawi ceto sanget), anggenipun nerangaken bileh sejatine kunci utama lan pertama sangkeng kaberkahan soho kecukupan sedoyo kebetahan pengupojiwanipun kito, inggeh meniko, wonten 2 (kaleh perkawis) :

(Kitab Hadist Bukhori Shokhifah : 2072).

   Kados Dawuh Sabdo Pematuripun Kanjeng Nabi Muhammad Saw :
اِتَّقِ اللهَ حَيْثُ مَا كُنْتَ.

”Podo Taqwaho Sliramu (Kabeh) Marang Allah (Ta’ala), ono eng endi wae,lan podo ngetut mburinono, marang tumindak salah/luput/doso iro,kelawan tumindak kesaenan, supoyo biso nglebur(opo)tumindak kesaenan (mau) marang tumindak salah/luput/doso iro,lan podo sesrawungano sliramu marang sepadane(menungso/makhlukipun Allah)kelawan Akhlak engkang sae...” (Al-Hadist)


Ma’asyirol   Muslimin   Rokhimakumulloh :
Perwujudan sangkeng Implementasi Hablum Minalloh, eng antawisipun inggeh meniko  :


“Wallohu ‘Alamu Bimuroddihi, Mongko Wong-wong (kang) tansah Njogo Keimanane lan tansah Tumindak sae, kanggo dewe’e (iku) (bakal mekoleh) Pengapuro lan Bakal Mekoleh Rizqi (kang) Bagus (Mulyo)”


”Saktemene Sliramu(iku) Biso Kaling-kalingan (Tegese: Ngalami kangelan)Anggone Mekoleh Rizqine,(Terkadang Sabab-musababipun yoiku)Amargo dipun Sebabake sangko doso-dosone(kang)ngenani marang dewe’e”(HR.Ibnu Majjah).

Ma’asyirol   Muslimin   Rokhimakumulloh :
Keranten sampun dados watek dasaripun menungso, inggeh meniko panggenanipun luput  soho lali (MAKHALUL KHOTTO’ WAN NISYAN), Temtunipun mboten wonten Menungso engkang sak estu-estu bersih lan suci sangkeng  luput lan doso, Anangeng kados dawuh Pematuripun Kanjeng Nabi Saw :

”Sakteme Saben-saben Anak Turune Nabiyulloh Adam (AS)(Tegese: Saben-saben Menungso),iku Mesti Duweni Doso lan Sak Sae-saenipun Tiyang engkang Nggadahi Luput (utawi Doso) Yoiku: Tiyang engkang Purun Tobat” (HR Imam Tirmidzi lan Ibnu Majjah).

Ma’asyirol   Muslimin   Rokhimakumulloh :
Mekaten engkang saget dipun aturaken, Mugi-mugi saget manfaati dumateng kito sami,sehinggo kito saget dodos tiyang-tiyang  Mukmin engkang saget Ninda’aken ”KHABLUM MINALLOH LAN KHABLUM MIN AN-NAAS”, Ngantos sak mangke kito saget pikantuk akhir engkang sae, KHUSNUL KHOOTIMAH, Amien Yaa Robbal ‘Alamien.
 
 بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ، وَنَفَعَنِيْ وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ اْلآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ. أَقُوْلُ قَوْلِيْ هَذَا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ الْعَظِيْمَ لِيْ وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ الْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ مِنْ كُلِّ ذَنْبٍ. فَاسْتَغْفِرُوْهُ، إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar