Selasa, 18 Januari 2011

3 Amalan Pencegah Bencana


الْحَمْدُ لِلَّهِ الَّذِيْ أَرْسَلَ رَسُوْلَهُ بِالْهُدَى وَدِيْنِ الْحَقِّ لِيُظْهِرَهُ عَلَى الدِّيْنِ كُلِّهِ وَلَوْ كَرِهَ الْكَافِرُوْنَ
أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَـهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ. أَمَّا بَعْدُ؛. جَمَاعَةَ الْجُمُعَةِ، أَرْشَدَكُمُ اللهُ فَيَا أَيُّهَا الْمُؤْمِنُوْنَ،. أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهُ، اِتَّقُوا اللهَ تَعَالَى حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنتُمْ مُّسْلِمُوْنَ وَمَن يَتَّقِ اللهَ يَجْعَل لَّهُ مِنْ أَمْرِهِ يُسْرًا وَيَرْزُقُهُ مِنْ حَيْثُ لاَ يَحْتَسِبُ، وَمَن يَتَّقِ اللهَ يُعْظِمْ لَهُ أَجْرً وَاتَّقُوا اللهَ لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُوْنَ

Maasyirol   Muslimin   Rokhimakumulloh :
Al-khamdulillah Was Syukrulillah, Tansah kito aturaken dumateng Ngarso dalem Allah Swt, engkang sampun pareng pinten-pinten Nikmat dumateng kito, Bil khusus Nikmat Iman lan Nikmat Islam, engkang kedah lan tansah kito jagi soho kito ugemi ngantos akhir hayat kito  kepanggeh ngarso dalem Allah Swt.

Salah setunggalipun sangkeng  perwujudan  raos  syukur  kito dumateng sedoyo  nikmat-nikmatipun Allah Ta’ala, inggih meniko : “Kelawan tansah berusaha kangge meningkatken keimanan soho ketaqwaan kito dumateng Allah Ta’ala, kelawan sak  estu-estu  iman  lan sak  estu-estu taqwa”.

Sebab namung mawi keimanan lan ketaqwaan kito dumateng Allah Ta’ala menikolah, kito bakal pikantuk kabegjan wonten eng alam dunyonipun, lan mbenjang eng akhirat kito bakal mekoleh keslametan lan kamulyan sangkeng Rohmatipun Allah Swt.

Ma’asyirol   Muslim ien  Rokhimakumulloh :
Yen kito ningali lan merhatosaken fenomena engkang terjadi wonten eng  sekitar kito, sampun katah terjadi pinten-pinten bencana lan musibah engkang silih berganti, wiwit sangkeng jeblukipun gunung merapi, tanah longsong, tanggul engkang jebol, banjir lumpur lan lahar dingin, ugi tiupan angin lesun eng pundi-pundi papan panggenan eng tanah air lan eng luar negeri, sedoyo peristiwa lan kedadosan engkang meketen meniko temtu mrihatinaken eng sak lebetipun manah, lan temtunipun selajeng saget menggugah perasaan kito supados enggal sadar lan nyadari bileh kito meniko sebagai makhlukipun Allah SWT, sanget lemah lan mboten gadahi doyo upoyo kangge mengatasi lan nuntasaken sedoyo persoalan lan problematika engkang terjadi eng sekiter kito.

Kito seolah-olah dipun sadaraken bileh menawi alam sampun dipun perlako’aken menikolah hasil lan akibatipun, hal meniko sesuai kaliyan dawuh pematuripun Allah Ta’ala eng Al Qur’an Al Kariem :

Wallohu ‘alamu bi muroddihi......Sampun ketingal  wontenipun kerisak’an wonten eng daratan lan eng lautan, (meniko) dipun sebabaken deneng  ulah tanganipun menungso, (pramilo Allah parengaken  bencana), supoyo dewe’e (poro menungso mau) iku podo ngrasak’ake (akibat sangko) penggaweane awake, supoyo dewe’e (poro menungso mau) iku podo bali marang dalan piduhe gusti allah (dalan kang bener)....(QS : Ar Rum : 41).


Maasyirol   Muslimin   Rokhimakumulloh :
Monggo kito perhatosaken peringatenipun Allah eng Surat Ar Rum ayat 41 kolo wau, kelawan sak estu-estu bertafakkur lan bertadabbur, supados bencana lan musibah mboten tumibo lan mboten mikenani dateng kito sami,  kados engkang sampun terjadi eng pundi-pundi papan panggenan, Pramilo monggo kito sak estu-estu sadar lan menyadari dateng arti lan fungsinipun soho khakekat sangkeng penciptaan kito sebagai kawulanipun Allah SWT, supados memakmurkan, memelihara lan  ngelestari’ake bumi meniko, (sebagai Rahmatan Lil ‘Alamin) :

Agami islam sampun pareng syariat (tuntunan) arupi pinten-pinten amal, supados kito sami saget terhindar (tercegah) sangkeng pinten-pinten tumibanipun bencana utawi balak, eng antawispun inggeh meniko :

1. Berdoa (Dedongo nyuwun dateng Allah Ta’la Pengeran Kang Murben Dumadi).

Hadits sangkeng Imam at-Tirmidzi dan al-Hakim, engkang dipun riwayataken sakeng Sahabat Abdullah ibn Umar, sakteme kanjeng Rasulullah Saw sampun dawuhaken :

“Barangsiapa hatinya terbuka untuk berdoa, maka pintu-pintu rahmat akan dibukakan untuknya. Tidak ada permohonan yang lebih disenangi oleh Allah daripada permohonan orang yang meminta keselamatan. Sesungguhnya doa bermanfaat bagi sesuatu yang terjadi dan masih belum terjadi. Dan tidak ada yang bisa menolak takdir kecuali doa, maka berpeganglah, wahai hamba allah, pada doa”. (HR.Imam Tirmidzi & Imam Al Khakim)


Sampun sepatutipun tumrap tiyang-tiyang mukmin iku lamon dedungo sebab kelawan dedungo biso ndugek’aken kesaenan lan saget menolak dateng keburukan (keawonan) lan balak (bencana). Eng riwayat sanesipun Rasulullah Saw ugi sampun dawuhaken :

“Persiapkanlah doa untuk menghadapi bencana.” (HR. ath-Thabrani).

Sejatine do’a (dedungo) iku biso dadi wasilah (alat lantaran) kanggo nyegah lan nolak balak (bencana) lan saget ndugek’aken Rahmatipun Allah Ta’ala, lir kadiyo Tameng (perisai) kang biso nyegah sabetanipun pedang  do’a ugi lir kadiyo banyu (toyo) kang saget nukulaken wit-witan sangkeng bumi.


2. Sedekah

Sedekah ugi saget nolak (nyegah) balak (bencana). Krono dawuhipun Rasulullah Saw engkang dipun riwayataken  sangkeng Sayyidina Ali Kw, Saktemene Kanjeng  Rasulullah Saw meniko sampun dawuh  : “Sedekah iku biso merubah takdir  seng mubram (yang pasti)”. (HR. Bukhari, Muslim, at-Tirmidzi, Imam Ahmad)

Asal hadits tersebut diatas adalah :
“Silahturahmi dapat memperpanjang umur, dan sedekah dapat merubah takdir yang mubram”

Pramilo sumonggo kito sami ngesto’aken dawuh pematuripun Baginda Rasulillah Saw, supados saget terhindar sangkeng balak (bencana).

3. Maos Tasbih (Dzikir eling marang Allah SWT).

Maos kalimah Tasbih  ugi saget mencegah  tumibanipun balak (bencana), kados dawuh pematuripun Kanjeng Nabi sangkeng riwayatipun Shahabat Ibn Ka’ab, dawuhipun kanjeng Nabi Saw :

(Kalimah Tasbih) Subhanallah iku biso mencegah (nolak) tumurune azab”.

Eng Al-Qur’an Al-Kariem Allah SWT, ugi sampun dawuhaken, yoiku ngengingi sejarah lan ceritanipun Nabi Yunus as : Dawuhipun Allah SWT :

Wallohu ‘alamu bimuroddihi.....mongko lamon sekirane dewe’e iku ora termasuk wong-wong kang akeh Dzikire (eling) marang Allah mongko yekti bakal tetep ono sopo dewe iku ono eng sak jerone wetenge iku iwak tumeko dino qiyamat (dino kebangkitan) (QS. ash-Shaffat : 143 – 144).

Tafsir sangkeng QS. ash-Shaffat : 143 – 144 engkang artosipun : Lamon dewe’e (Nabi Yunus as) iku ora termasuk wong-wong kang Dzikir (eling) menyang Gusti Allah lan ora termasuk wong-wong kang tansah Nyucek’ake, Ngagungake, lan Nyuwun Ngapuro dateng Allah, mongko yekti temen dewe’e iku bakal ono eng jerone weteng iwak kang bakal dadi kuburane”

Anangeng kelawan moco kalimah tasbih, dzikir lan nyuwun ngapuro marang Gusti Allah, mongko Allah Ta’ala pareng kebebasan sangkeng raos sedih lan balak (bencana) kang dipun alami deneng Nabi Yunus as. Kados engkang sampun dipun ceritak’aken eng Al-Qur’an :

Wallohu ‘alamu bimuroddihi.....Lan (elingo marang ceritane) Dzun Nun (Yunus),Nalikane dewe’e iku lungo (ninggalake ummate) kelawan roso jengkel, nuli dewe’e (nduweni penyono) yen Ingsun iku ora bakal gawe kesempitan (cobaan) marang dewe’e, Mongko dewe’e iku undang-undang eng ndalem kakhanan kang peteng : (Kelawan ngucap) : Yen saktemene ora Pengeran ( kang hak disembah) angeng kejobo Panjenengan (Gusti)  Moho Suci Panjenengan, Saktemene ingsun (Nabi Yunus) iku termasuk wong-wong kang sampun tumindak Kedzoliman (QS. al-Anbiya’: 87).


Nuli Allah SWT, Dawuhi :

Wallohu ‘alamu bimuroddihi.....Mongko Ingsun (Allah) iku temen sampun ngijabahi marang penyuwune dewe’e (Yunus as), lan sampun celametake (sopo Allah) sangkeng roso susahe dewe’e (Nabi Yunus as) lan Mengkunu mau Ingsun (Allah) iku bakal pareng keselamten marang wong-wong kang podo Iman (QS. al-Anbiya’ :88)


Dalam riwayat lain dari Sa’d ibn Abi Waqqash, Rasulullah Saw bersabda :


Ono tho Sliramu iku gelem tak wenehi ngerti (tak tuduhake) marang sijine dungo, kang lamon sliramu iku gelem dawamake marang iki dongo, mongko sliramu ora bakal keno kesusahan utowo balak (bencana) lan Allah Ta’ala iku bakal ngilangake marang swekabehane kesusahan kang ngenani marang iro. Poro sahabat lajeng mangsuli : injeh, Rasulullah.” Selajeng Rasul dawuhi : Yoiku mocoho dongone Dzun Nun (Nabi Yunus) : La ilaha illa anta subhanaka inni kuntu minazh zhalimin (tidak ada Tuhan selain Engkau, Maha Suci Engkau, sesungguhnya aku termasuk di antara orang-orang yang zhalim).” (HR. Imam Ahmad, at-Tirmidzi, dan al Hakim)

  
4. Maos Shalawat Dateng Kanjeng Rasulullah SAW

Sebagian tiyang saleh sampun ngendikak’ake : Saktemene eng antarane sebab kang paling gede kang biso nolak marang takdir lan kang biso ngilangake keruwetanipun permasalahan eng kehidupan alam dunyo yoiku katah maos Sholawat dateng Kanjeng Nabi Muhammad Saw, Krono saktemene katah maos Sholawat dateng Kanjeng nabi iku termasuk wasilah kang migunani supados aman sangkeng sedoyo raos getir, lan wedos ugi saget angsal ganjaran kang mak tikel-tikel sangkeng Allah Ta’ala yoiku bakal mekoleh Maqom Drajat kang inggil lan minulyo wonten eng Suwarganipun allah SWT.

Anapun dalil kang nguataken argumentasi meniko yoiku hadist engkang dipun riwayataken deneng Ubay ibn Ka’b, wonten setunggalipun tiyang jaler engkang tansah maos Sholawat dateng Baginda Rasulillah SAW, lan tiyang jaler kolo wau matur dateng kanjeng Nabi bileh sedoyo ganjaran sangkeng waosan sholawat kolo wau, dipun aturaken dateng Beliau kanjeng Nabi, selajeng Rasulullah Saw matur dateng iku tiyang jaler :  “Jika begitu, lenyaplah kesedihanmu, dan dosamu akan diampuni.” (HR. Imam Ahmad, ath-Thabrani)

Shalawat engatase Nabi Saw, iku wajib miturut ijma’ poro Ulama’, Dasaripun : Firman Allah SWT :


Wallohu ‘alamu bimuroddihi.....Saktemene Gusti Allah lan Poro Malaikat-malaikate Allah iku podo moco Sholawat (bershalawat) Marang Kanjeng Nabi, Hey wong-wong kang podo iman kabeh, podo moco Sholawatho Sliramu Kabeh marang Kanjeng Nabi, lan podo Uluk’o Salam (Ta’dzim) salam penghormatan marang kanjeng Nabi(QS. al-Ahzab : 56)


Maasyirol   Muslimin   Rokhimakumulloh :
Shalawat sakeng Gusti Allah SWT iku rahmat, Shalawat sangkeng poro Malaikat iku nyuwunaken pengapuro, anapun Shalawat sangkeng tiyang-tiyang mukmin iku dadi  dongo.    Kanjeng Rasulullah saw sampun dawuhaken :

“Saben-saben dongo (penyuwunan) iku kaling-kalingan ono eng sak ngisore langit, Mongko nalikane Kalimah Sholawat iku nyandingi marang iku dongo mongko Kalimah Sholat iku bakal Ngunggahake marang iku Dongo Dateng Ngarsanipun Allah SWT (HR.Imam Baihaqi dan Ibnu Majjah)


5. Kelawan Nindak’ake Taqwa dateng Allah Ta’ala

Kados engkang sampun dipun dawuhaken Allah eng Al-Qur’an :

Wallohu ‘alamu bimuroddihi.....Sinten tiyange kang Taqwa dateng Gusti Allah, mongko Allah iku bakal pareng marang tiyang wau dalan (Solusi) sangkeng sedoyo kerupekanipun, lan bakal pareng rizqi sangkeng arah kang mboten dipun nyono-nyono” (QS. ath-Thalaq : 2-3).


Taqwa yoiku tansah nindak’aken lan ngesto’aken dawuh soho printah-printahipun Allah Ta’ala, lan  tansah nilari soho nebihi dateng sedyo awisan-awisanipun Allah Ta’ala, wonten pundike mawon lan eng dalem kakhanan punopoke mawon, sinten tiyange engkang nindak’aken ketaqwaan dateng Allah mongko jaminanipun bakal pikantuk As Sa’adah Fid Daroini (Kabejan eng alam donyonipun lan Kamulyan eng alam akhiratipun).  

6. Memperbanyak Istighfar

Allah SWT berfirman :
   

“Maka aku katakan kepada mereka : Mohonlah ampun kepada Tuhanmu, sesungguhnya Dia adalah Maha Pengampun, niscaya Dia akan mengirimkan hujan kepadamu dengan lebat, dan memperbanyak harta dan anak-anakmu, dan mengadakan untukmu kebun-kebun dan mengadakan (pula di dalamnya) untukmu sungai-sungai,” (QS. Nuh : 10-12).

Diriwayatkan dari Ibn Abbas bahwa, Rasulullah saw bersabda :

“Barangsiapa menetapi istigfar, maka Dia akan memberikan jalan keluar dari setiap kesempitan, kebebasan dari setiap kesedihan, dan Dia akan memberinya rizki dari arah yang tidak diperhitungkannya,” (HR. Abu Daud, Ibn Majah dan Imam Ahmad).


mekaten uraian singkat, ngengingi 3 amalan utawi 3 perkawis engkang saget nolak dateng bencana utawi balak, mugi saget manfaat dateng kito sami..amin. 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar