Selasa, 18 Januari 2011

Mukhasabah akhir Tahun

MUKHASABAH

الْحَمْدُ لِلَّهِ الَّذِيْ أَرْسَلَ رَسُوْلَهُ بِالْهُدَى وَدِيْنِ الْحَقِّ لِيُظْهِرَهُ عَلَى الدِّيْنِ كُلِّهِ وَلَوْ كَرِهَ الْكَافِرُوْنَ.أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَـهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ. أَمَّا بَعْدُ؛. جَمَاعَةَ الْجُمُعَةِ، أَرْشَدَكُمُ اللهُ فَيَا أَيُّهَا الْمُؤْمِنُوْنَ،. أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهُ، اِتَّقُوا اللهَ تَعَالَى حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنتُمْ مُّسْلِمُوْنَ وَمَن يَتَّقِ اللهَ يَجْعَل لَّهُ مِنْ أَمْرِهِ يُسْرًا وَيَرْزُقُهُ مِنْ حَيْثُ لاَ يَحْتَسِبُ، وَمَن يَتَّقِ اللهَ يُعْظِمْ لَهُ أَجْرً وَاتَّقُوا اللهَ لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُوْنَ


Maasyirol   Muslimin   Rokhimakumulloh :
Al-khamdulillah Was Syukrulillah , Tansah kito aturaken dumateng Ngarso dalem Allah Swt, engkang sampun pareng pinten-pinten Nikmat dumateng kito, Bil khusus Nikmat Iman lan Nikmat Islam, engkang kedah lan tansah kito jagi soho kito ugemi ngantos akhir hayat kito  kepanggeh ngarso dalem Allah Swt.

Salah setunggalipun sangkeng  perwujudan  raos  syukur  kito dumateng sedoyo  nikmat-nikmatipun Allah Ta’ala, inggih meniko : “Kelawan tansah berusaha kangge meningkatken keimanan soho ketaqwaan kito dumateng Allah Ta’ala, kelawan sak  estu-estu  iman  lan sak  estu-estu taqwa”.

Sebab namung mawi keimanan lan ketaqwaan kito dumateng Allah Ta’ala menikolah, kito bakal pikantuk kabegjan wonten  eng alam dunyonipun, lan mbenjang eng akhirat kito bakal mekoleh keslametan lan kamulyan sangkeng Rohmatipun Allah Swt.
Ma’asyirol   Muslim ien  Rokhimakumulloh :
Sak mangke kito sampun mlebet eng tahun enggal Islam 1432 H ugi  nembe kemawon mlebet gantos tahun Miladiyah 2011 M, perkawis meniko menawi kito perhatosaken lan kito tafakkuri kelawan sak estu-estu temtu badhe gadahi makno spiritual engkang dalem ugi temtu badhe gadahi efek positif tumrap pribadi kito sebagai kawulanipun Allah SWt, khususipun kangge peningkatan amaliyah lan sebagai sarono mukhasabah (instrokpeksi dateng pribadi kito masing-masing).

Sebab sejatosipun pergantian tahun meniko termasuk salah satunggaling ayat-ayat-ipun Allah SWT engkang tersirat lan dipun bentangaken wonten sak lebetipun kehidupan kito manungso sebagai sarono (wasilah) supados kito saget mendhet I’tibar lan bertafakur dateng perjalanan kehidupan kito wonten eng saben-saben saatipun, sehinggo wonten eng saben-saben wekdal lan kesempatan, kito tansah nindak’aken Mukhasabah (ntliti-ntiliti lan ngitung-itung dateng sedoyo amal, tindakan, ucapan lan pendamelan engkang sampun kito lampahi lan lalui) wonten eng sak lebetipun tahun-tahun engkang sampun kapengker.

Anapun maksud lan tujuanipun nindak’aken Mukhasabah eng antawispun  inggih menika :

  1. Supados kito saget tansah memperbaiki diri, sikap, amal, perbuatan, ucapan lan pendamelan tumuju kesempurnaan lan berusaha supados saged langkung sae katimbang wekdal lan kesempatan engkang sampun berlalu (kepengker), sehinggo kualitas pribadi lan amal ibadah kita saged meningkat selalu, ampun ngantos  kito meniko stagnan, ajeg lan tansah rumaos puas kaleyan kualitas lan kuantitas Iman, Ilmu lan amal ibadah engkang sampun kito lampahi lan kito tindak’aken, padahal  printahipun agami kito kedah berusaha kangge Fastabiqul Khoirot  berlomba-lomba ningkataken kualitas pribadi lan amaliyah ibadah kito, kangge bekal gesang eng alam dunyo lan ugi kangge sangu kito gesang wonten alam akhirat sak mangke.

  1. Tujuan kito nindak’aken Mukhasabah engkang nomer kaleh inggih meniko supados kito meniko menyadari kelawn sak estu-estu sadar bileh sejatinipun peristiwa [ergantosan tahun meniko dados peringetan dateng pribadi kito masing-masing sebagai kawulanipun Allah engkang dipun paringi akal lan nalar, supados  tansah ginak’aken akal lan nalar kito kangge berfikir lan bertafakur, eng dalem  bertindak, bersikap lan beramal, sehinggo kelawan akal fikiran engkang jernih lan ati kang bening, iman, ilmu lan amal kito saget  meningkat kualitas lan kuantitasipun sebab tiyang engkang tansah ginak’aken akal lan fikiran soho penalaran engkang didasari mawi iman lan ilmu Fa Insya Allah saget gadahi kontrol lan  efek positip dateng saben-saben langkah, ucapan, tindakan, amaliyah kito tumuju dalan engkang dipun ridlo’I deneng Allah SWT lan mboten terjerumus dateng nuruti dateng kekarepanipun howo nafsu lan perkawis-perkawis dunyawiyah, sehinggo gesang kito saget pikantuk sakinah, (ketenangan, ketentraman lan kondusifitas engkang sae), ugi saget mujudaken dateng terwujudipun setunggale keharmonisan eng dalem keluargo, masyarakat lan lingkunganipun.

  1. Tujuan kito nindak’aken Mukhasabah engkang nomer tigo inggih meniko supados kito meniko menyadari kelawan sak estu-estu sadar bileh sejatinipun peristiwa pergantosan tahun meniko dados peringetan dateng kito bileh umur kito meniko sampun bertambah sepuh (tua), lan kedah kito terimo lan kito sadari soho mboten saget kito bantah (pungkiri) kasunyatan engkang mekaten, yen kito sampun sadar mekaten selajeng  kito ugi kedah menyadari bileh wekdal lan kesempatan kito kangge ningkataken Iman, Ilmu lan Amal kangge bekal kito gesang eng alam dunyo, engkang katah godaan, ujian, tantangan, hambatan lan problematikanipun engkang sangsoyo tahun sangsoyo komplek soho awrat, ugi temtunipun kangge bekal kito mbenjang wonten eng kehidupan alam akhirat, alam keabadian tumrapipun sedaya makhluk- lan alam semesta.

 Kito kedah sadar lan menyadari bileh kito meniko tansah berpacu kaleyan waktu lan kesempatan, engkang temtunipun sangsoyo tahun sangsoyo sempit  lan berkurang, sehinggo menawi waktu lan kesempatan engkang sampun Allah SWT parengkeng dateng kito, mboten kito ginak’aken kelawan sak estu-estu kangge ningkataken Iman, Ilmu lan Amal, Anangeng malah kito ginak’aken kangge nuruti kekaerapanipun howo nafsu kito, temtu kito bakal pikantuk kerugian lan temtu kito badhe menyesal mebenjang wonten eng  Yaum AlKhisab., (dinten penghitungan amal-amal) anangeng sesal kemudian temtu mboten wonten manfaatipun utawi mboten gadah faedah punopo-punopo.

Wektu lan kesempatan engkang Allah Ta’ala parengaken dateng kito sami lan adil 24 jam eng dalem sedinten sendalunipun, badhe kito ginak’aken kangge punopo, njeh terserh kito  masing-masing, badhe kito ginak’aken kangge nuruti kekarepane howo nafsu sumonggo, anangeng kito kedah siap dateng konsekwensi lan resikonipun, semanten ugi menawi badhe kito ginak’aken kangge Fastabiqul Khoirot, berlomba-lomba kangge ningkatake Iman, Ilmu lan Amal, mongko temtu hasilipun engkang sae lan manfaati Fid Dien Waddunya Wal Al-Khiroh, ugi kito kiyambak engkang badhe nampi lan ngraosaken.

Ma’asyirol   Muslim ien  Rokhimakumulloh :
Hasil penilitian engkang sampun dipun tindak’aken deneng Ilmuwan-Muslim ngengingi perkawis umur utawi yeswonipun  tiyang Muslim hasilipun inggeh mniko :
 Sangkeng hasil penelitian meniko, menawi kito pikiraken  kelawan sak estu-estu (Tafakkur)  Selajeng pitakenanipun inggeh miniko, kangge punopo Yeswo kito meniko kito ginak’aken? Punopo sampun cekap bekal engkang sampun kito persiapaken kangge ngadepi gesang engkang abadi eng alam akhitat sak mangke?

Milo mekaten, Pramilo sepindah maleh sumonggo kesempatan lan wekdal engkang taseh Allah SWT parengaken dateng kito meniko, kito ginak’aken kelawan sak estu-estu, kangge nindak’aken kesaenan lan  kangge ningkataken Iman, Ilmu lan Amal kito, sehinggo wonten eng saben-saben momentum pergantian tahun meniko, kito  saget pikantuk manfaat engkang sae, lan kito saget dados lan saget  kalebet  dados kawula-kawulanipun Allah Ta’ala engkang pikantuk kabejan Fid Daroini (Kabejan gesang eng alam dunyonipun lan angsal kamulyan mbenjang eng Akhiratipun)  Amin amin Yaa Mujibas Saailin..........................


بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ، وَنَفَعَنِيْ وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ اْلآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ. أَقُوْلُ قَوْلِيْ هَذَا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ الْعَظِيْمَ لِيْ وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ الْمُسْلِمِيْنَ مِنْ كُلِّ ذَنْبٍ. فَاسْتَغْفِرُوْهُ، إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ.



Tidak ada komentar:

Posting Komentar