Jumat, 17 Desember 2010

Marhaban Ya Ramadhan....Marhaban Syahri Al Ibadah

Maasyirol   Muslimien   Rokhimakumulloh :
Al-khamdulillah Was Syukrulillah, Tansah kito aturaken dumateng Ngarso dalem Allah Swt, engkang sampun pareng pinten-pinten Nikmat dumetng kito, Bil khusus Nikmat Iman lan Nikmat Islam, engkang kedah lan tansah kito jagi lsoho kito ugemi ngantos akhir hayat kito kepanggeh ngarso dalem Allah Swt.

Salah setunggalipun sangkeng  perwujudan  raos  syukur  kito dumateng sedoyo  nikmat-nikmatipun Allah Ta’ala, inggih meniko : “Kelawan tansah ber usaha kangge meningkatken keimanan soho ketaqwaan kito dumateng Allah Ta’ala , kelawan sak  estu-estu  iman  lan sak  estu-estu taqwa”.

Sebab namung mawi keimanan lan ketaqwaan kito dumateng Allah Ta’ala menikolah, kito bakal pikantok kabejan wonten  eng alam dunyonipun, lan mbenjang eng akhirat kito bakal mekoleh keslametan lan kamulyan sangkeng Rohmatipun Allah Swt.

Ma’asyirol   Muslimien  Rokhimakumulloh :
Sakmangke kito sampun  mlebet wonten eng wulan Romadhon tahun 14…… H (tahun 20......M),  Wulan Romadhon meniko termasuk salah setunggalipun wulan engkang  agung lan dipun mulya’aken deneng Allah Ta’ala,Wulan Ramadhan meniko wulanipun Rahmah, Maghfiroh lan Itqun Min an-naar.   Kados Dawuhipun Rasulullah Saw :

Wulan Romadhon iku wulan kang kawitanane iku enggowo Rohmah (Kasih-sayangipun Allah Ta’ala) , lan ono  eng tengah-tengahe  wulan iku  pareng pengapuro, lan ono eng akhire iku wulan  bakal mbebasake (Shoimin : Wong-wong kang podo poso eng ndalem wulan Romadhon), songko Sikso  geni Neroko” (HR.Ibnu Khuzaemah  dr Salman Al-Farisyi R.a).

Ma’asyirol   Muslimien  Rokhimakumulloh :
Milo mekaten, sampun  sk mestinipun menawi kito  meniko, bersyukur dumateng Allah Ta’ala engkang sampun pareng kesempatan dumteng kito, sehinggo kito sami saget kepanggeh  maleh dumateng Wulan Suci Romadhon wonten  eng  tahun  meniko.

“Saktemene ikilah wulan Romadhon, iku temen sampun tumeko  marang sliramu, lan iku  eng ndalem  wulan Romadhon  ono sewijine wengi kang  wengi iku luweh mulyo (luweh bagus) katimbang sewu wulan, (mongko) sopo wonge kang kaling-kalingan sangkeng ngudi  (golek)  ganjaran (ono eng Ro madhon) mongko dewe’e iku  temen sampun kaling-kalingan kanggo mekoleh kebagusan lan  manfaatipun kang  ono eng  sakjerone  wulan  Romadhon, sekabehane,  lan ora bakal kaling-kalingan songko tumindak  kebagusan lan mekoleh manfaatipun wulan  Romadhon, kejobo tiyang-tiyang kang mboten  pikantuk  kabejan. Mongko saktemene sekabehane dungo eng ndalem wulan Romadhon i9ku  bakal diijabahi, lan sekabehane Shodaqoh ono eng sak jerone wulan  Romadhon  iku  bakal dipun tampi (deneng Allah), lan sedoyo tumindak  kebagusan utawi kesaenan ono eng sakjerone wulan Romadhon iku bakal ditikel-tikelake  ganjaranipun …………….(Al-Hadist) 

Ma’asyirol   Muslimien  Rokhimakumulloh :
Kito lampahi sedoyo kewajiban-kewajiban  soho amalan kesunahan- kesunahan wonten  eng  saklebetipun  wulan  Romadhon  meniko  kelawan sak sae-saenipun lan sak sampurno-sampurnonipun,  lan kito tansah berusaha kangge  ningkataken kualitas soho kuantitas sangke sedoyo rangkaian amalan ibadah wonten  eng saklebetipun Romadhan meniko, 

Ampun ngantos Kesempatan engkang sae  meniko  berlalu  lan  ical   kelawan mboten mbekto manfaat lan mboten saget kito manfaataken kelawan maksimal. Ceka’k   aosipun. Ampun ngantos  Romadhon  demi  Romadhon  namung  tansah  berjalan  lan  berlalu  wonten  eng   gesang  kito  eng  alam dunyo  meniko, kelawan silih berganti, anangeng kito  ndadosaken  dumateng saben-saben Romadhon meniko, namung kito dadosaken setunggalipun Rutinitas  Tahunanke  Mawon,   sehinggo  Sedoyo Wulan Romadhon engkang  kito  lalui  wonten  eng  saben-saben  tahunipun, tansah berlalu  tanpo kesan  batiniyah engkang mendalam,  lan   ical  tanpo  mbekto   manfaat  punopoke  mawon,  sehinggo  mboten  saget  mbekto  perubahan-perubahan engkang  sae (Perubahan Positip),  dumateng  kito,  sak  sampunipun  kito   meniko,  ninda’aken  sedoyo rangkaian ibadah  wonten eng saben-saben wulan  Romadhonipun.

Monggo Romadhon eng tahun meniko kito dadosaken setunggalipun momentum, kangge ngadakan perubahan-perubahan   ahlaq,  lan  kesucian  bathiniyah kito masing-masing,  sehinggo  Ibadah Romadhon eng   tahun  meniko  dados  Ibadah  Romadhon  terindah  engkang tansah saget  kito  kenang  lan saget dados pemacu  pribadi  kito  kangge  berusaha ningkataken  kualitas  lan  kuantitas  ibadah , wonten  wulan-wulan sak sampunipun  Romadhon.

Malaikat Jibril  Alaihis Salam  Sampun Dawuh Dumateng Baginda Rosulullah Saw : “Temen Bakal mekoleh Kerugian (Sinten) Tiyangipoun engkang Kiyamba’ipun Meniko Menangi (Kepanggeh)  Dumateng Datengipun Wulan Romadhon Ananeng  Kiyamba’ipun  (Ngantos) Mboten Angsal Manfaat   soho  (Ngantos) Mboten  Angsal  Pengapuranipun  Pengerane” (Hadist Riwayat–Abu Dawud).

Eng mongko Kanjeng Nabi Saw sampun Dawuhaken : “Lamon podo Mangerteni (sopo) Ummat Ingsun Marang Keistimewaan-keistimewaan Kang ono eng Sakjerone Wulan Romadhon, Yekti Temen Kepengen eng  Yentho  ono opo setahun iku, Sekabehane (iku) didade’ake (dadi) Wulan Romadhon Kabeh   (Hadist).

Ma’asyirol   Muslimien  Rokhimakumulloh :
Milo  Mekaten Monggolah, Sepindah Meleh, Kito  ninda;aken Mukhasabatu  An-Nafsi (Ntliti-nliti dateng  pribadi kito masing-masing) punopo toh, Kito meniko  sampun  ninda’k aken  rangkaian ibadah eng  sakjerone Wulan Romadhon  meniko,  kelawan  sak sae-saenipun  mligi  namung  golek  ridhlo (Lillahi Ta’ala)  lan  Piwales  Sangkeng Allah  Ta’ala,  punopo  takseh  sekadar  nindak’aken setunggalipun Rutinitas  Tahunanke Mawon lan Namung Kepengen  Mekoleh  Manfaat-manfaat  Dunyawiyahke  Mawon  (Kadosto Namung Kepengen  Mekoleh  Kedudukan,  Jabatan, Laqob, lan Pengaleman  Sangkeng  Manungso-ke Mawon? )

Sedoyo hasil mukhasabah kolo wau, namung Kito Kiyambak lan Allah Ta’ala engkang saget  Mangertosi, lajeng   sedayanipun  meniko  dipun wangsulaken dumateng   pribadi  kito  masing-masing, nopo toh kito purun lan kepengen kangge  ningkataken maqom utawi kedudukan kito wonten eng pandangan lan sandingipun  Allah Ta’ala,  Punopo  kito, sampun  rumaos  cekap  lan  puas manggeni   kedudukan  dunyawiyah  lan  namung kepengen pikantuk  pengaleman  sangkeng  Manungso?,  sedoyonipun  dipun  Wangsulaken  dumateng  hati  nurani   kito masing-masing.

Ma’asyirol   Muslim ien  Rokhimakumulloh :
Eng wusono mugi-mugi kito saget mendhet manfaat soho I’tibar (Pelajaran) engkang sae, sangkeng  uraian  Kultum   meniko, kangge  penutup  kawulo nukilaken setunggalipun Riwayat, mugi-mugi  saget  kangge  nasehat tumerapipun  kito  sami :   Podo Tansah Nganyar-nganyarono Sliramu Kabeh, Marang Kapal-kapal  siro , Kerono Mangertiyo yen saktemene Lautan engkang  bakal sliramu  tempuh iku luas lan jeru banget  ( *)  Lan podo Gole’o Sangu Siro Kabeh  Kang Akeh (Tegese : Kang  Cukup) Kerono Mangertiyo Yen Saktemene  Perjalanan Kang bakal sliramu  tempuh   iku  adoh  (tebih)   sanget ( * ) Lan podo Ngenteng-ngentengono Sliramu (Tegese : Ringankanlah) , Marang Beban-beban kang iro Pikul (ono eng dunyo iki) , Kerono Mangertiyo yen Saktemene Rintangan (hambatan) Kang  Mengko  bakal tok   adepi  iku  berat, (  * ) Lan   podo    Ngakeh-ngakehono  Tumindak  Ngamal (Kegagusan)  Sira,  Kerono  Mangertiyo  yen saktemene  Pengawasmu iku yekthi temen teliti banget”

Tidak ada komentar:

Posting Komentar