Sabtu, 18 Desember 2010

ALLAH TEMPAT KITA BERGANTUNG (BERHARAP DAN BERSANDAR)





ALLAH TEMPAT KITA BERGANTUNG

Ma’asyirol   Muslimin   Rokhimakumulloh :
Wonten eng kesempatan engkang sae lan eng MAJLIS engkang Mubarok meniko, Kawulo badhe ngajak dumateng awak kawulo kiyambak khususipun lan dumateng sedoyo Jama’ah Jum’ah Rokhimakumulloh, Monggolah, kito sami berusaha kangge ningkataken roso iman lan taqwa kito dumateng Allah SWT, Kelawan sak  estu-estu Iman  lan sak estu-estu Taqwa dateng Allah Swt, Yoiku: ”Kelawan berusaha kangge ninda’aken sedoyo printah-printahipun  lan tansah berusaha  kangge nilari sedoyo awisan-awisanipun Allah Ta’ala, Wonten  pundike  mawon lan eng  ndalem  kakahanan  punopoke  mawon”.(ITTAQILLAHA  KHAITSUMMA  KUNTA).

Ma’asyirol   Muslimin   Rokhimakumulloh :
Ing ndalem  ngadepi lan menjalani lika-likunipun Kehidupan (utawi gesang) eng alam dunyo meniko, temtunipun  kito sedoyo  mbetahaken tuntunan  lan syari’atipun Agami, engkang fungsinipun kangge  pedoman  lan lentera anggenipun kito sak mangke badhe mengarungi lautan  kehidupan engkang luas  lan tentunipun katah tantangan, hambatan soho kompleks-ipun problematika, langkung-langkung gesang eng zaman akhir sak mangke.

Sedoyo  kolo wau temtu kito betahaken, amargi, jiwanipun  kito  sebagai menungso, meniko   nggadahi pinten-pinten cacat lan kelemahan engkang saget mbahaya’aken, eng antawisipun :

1. AL-KHAUF WA ASYADDA KHOSYAH:

Nggadahi Raos Tansah Kuatos lan Banget Ajrih dumateng  perkawis-perkawis engkang sejatinipun mboten perlu lan mboten sak mestinipun dipun kuatosaken, sebab mboten  wonten setunggaling perkawis engkang badhe mbahaya’aken, lan mboten badhe manfaati dateng kito, kejawi perkawis meniko sampun dipun taqdiraken deneng Gusti Allah tumrap-ipun kito, perkawis meniko lamon mboten enggal-enggal dipun sandaraken dateng Tuntunan lan Syari’atipun Agami, mongko  mboten mustakhil, menawi kito meniko langkung Ajrih dateng sesami makhluk katimbang Ajrih dateng Allah Ta’ala, bahkan fenomena  engkang terjadi eng masyarakat kito, terkadang kito langkung pitados dateng benda (kadosto Watu, Kayu, Wesi lan Sanesipun) katimbang pitados dateng Allah Ta’ala,(eng Al-Qur’an disebataken :
Milo mekaten eng Al-Qur’an Al-Karim Allah Ta’ala Sampun Pareng Dawuh :
”Wallahu ’Alamu Bimuroddihi: Lan Podo Cecekelan Siro Kabeh Marang Syari’at(Agamanipun)Allah, (Saktemene) Allah Ta’ala iku Dzat Kang dadi Pelindung-mu,Mongko Saktemene (Gusti Allah iku) Sak Bagus-2e  Pelindung & Sak Bagus-2e Penolong”

2. ITTIBA’U AL-HAWA’ WA TUULUL AMAL:

(Ngetutaken utawi Ngumbar Howo Nafsunipun lan Dawa’aken Pengangen-angen), Perkawis kaleh meniko sampun menjalar sumrambah  mlebet dateng qolbu (utawi atine) saben-saben  menungso, sehinggo lamon perkawis meniko mboten saget dipun kendale’aken lan mboten saget dipun arahaken deneng Akal lan tuntunan Agami, mongko  akibat (utawi efekipun) inggih  meniko  berlomba-lomba anggenipun numpuk  bondo lan berlomba-lomba kangge meraih jabatan utawi kedudukan dunyawiyah, kelawan ngalalaken sedoyo coro lan  yen perlu mawi  gorohi  sedere’ipun, mitnah  lan ngantos poro-padu eng antarane sederek muslim. Naudzubillah Min Dzalik. Rasulullah saw sampun dawuhaken :

”Saktemene Perkara kang Paling Ingsun Khawatirake Tumrape Sliramu Kabeh Yoiku ono 2 (Rong) Perkoro : (1).Sliramu iku tansah nuruti Howo Nafsu (Tegese Tansah Ngumbar Marang Howo Nafsumu)  (2).Sliramu iku Tansah Ndawa’-ndawa’ake Marang Pengangen-angen iro (Tegese: Tansah Nggadahi Kekarepan anangeng mboten Realistis, kaliyan Kadar Kemampuanipun), Kerono Saktemene Nututi utawi Tansah Ngumbar Marang Howo Nafsu Meniko,Biso Nyebab’aken Sliramu Iku tansah Nolak marang barang Kang Haq (Selalu Menolak akan Kebenaran), Anapun Thulul Amal: iku biso Nyebab’ake Sliramu iku  dadi wong kang demen utawi kumantil  marang  Gemerlapipun  Kemewahan Dunyawiyah”.(Buhori)

eng Riwayat sanes dipun sebatakan :

”Katah Tiyang engkang Ketungkul (Terbuai) Amargo Kemerlape Kesenengan lan Kenikmatan Dunyawiyah # lan Katah  Tiyang engkang Sampun Tersesat (Kesasar) Amargo Sanjungan (Pengalem)”. (Abdullah Ibnu Mas’ud)

Ma’asyirol   Muslimin   Rokhimakumulloh :
Sintenke Mawon Tiyang engkang Purun enggal-enggal pikantuk pitulungan, mongko kedah sak  estu-estu  purun  memperbaiki diri kelawan  tansah meparek dateng Allah Ta’ala  lan tansah memperbaiki hubungan ipun kaliyan Gusti Allah Ta’ala :

”Sintenke Mawon engkang tansah purun memperbaiki, Hubunganipun Marang Gusti Allah Ta’ala, Mongko temtu Gusti Allah Ta’ala iku  Mesti  Bakal, Nyukupi Marang Sekabehane Kebutuhan eng antarane iku Menungso” (Hadist).

Langkung-langkung  ngelampahi  gesang eng zaman akhir saat  meniko, engkang taseh ngalami Krisis Ekomomi Global, temtu kito kedah tansah mempertebal iman lan kepasrahan kito dateng Gusti Allah Ta’ala (Tawakkal ’Alallohi)

Mongko namung Marang Gusti Allah Kito Sedoyo Puniko Mengadu  (Tegese: Tansah Keluh Kesah Madulaken dumateng sedoyo perkawis lan Problimatika hidup engkang kito  Alami) # Lan namung Marang Gusti Allah kito Sedoyo Meniko Mengharapkan (Nyuwun) Pitulungan (Tegese: Nggantungaken Sedoyo Harapan namung Dumateng Gusti Allah Ta’ala-ke Mawon)”.

Menawi  kito meniko sampun saget mekaten  dasar lan keyakinan kito anggenipun  ngelampahi  lautan kehidupan eng alam dunyo meniko, mongko Fa Insya Allah, kito bakal  pikantuk  kabegjan, ketentreman lan kemulyaan  hidup, wonten ngarso dalem Allah  Ta’ala  Fiddin Waddunya  ilal Akhiroh, Amin.
Dawuhipun Allah SWT : 

Lan  ora  Bakal  Mekoleh  Taufiq (Sapa Ingsun) kejobo kelawan Pitulunganipun  Allah  Swt,  Namung  Dateng Gusti Allah-lah Ingsun Pasrah (Tawakkal)  lan  Namung Dateng Allah-lah Ingsun iku Bakal  di Wangsulaken”.(QS : Hud : 88).

Ma’asyirol   Muslimin   Rokhimakumulloh :
Monggolah Kito Mendet I’tibar (Pelajaran) sangkeng Peristiwa-peristiwa bersejarah engkang sampun terjadi wonten eng zaman sak derenge kito, Sehinggo Ampun ngantos kito meniko malahan dipun dadosaken I’tibar (Pelajaran) kangge generasi sak sampunipun Kito.

Mekaten engkang saget dipun aturaken,  mugi-mugi saget mbekto manfaat  dumateng  kito sami, sehinggo kito  saget  tansah netepi Iman lan Islam hinggo Akhir Khayat kito, wangsul dateng Ngarso Dalem Allah Ta’ala Saget Pikantuk  akhir  engkang sae KHUSNUL KHOOTIMAH, Amien Yaa Robbal ‘Alamien.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar