Sabtu, 18 Desember 2010

TAQWA KEPADA ALLAH SWT

TAQWA KEPADA ALLAH SWT


Maasyirol   Muslimin   Rokhimakumulloh :
Al-khamdulillah Was Syukrulillah, Tansah kito aturaken dumateng Ngarso dalem Allah Swt, engkang sampun pareng pinten-pinten Nikmat dumetng kito, Bil khusus Nikmat Iman lan Nikmat Islam, engkang kedah lan tansah kito jagi lsoho kito ugemi ngantos akhir hayat kito  kepanggeh ngarso dalem Allah Swt.

Perwujudan  raos  syukur  kito  dumateng  sedoyo  nikmat-nikmatipun Allah Ta’ala, eng antawisipun inggih meniko: “Kelawan tansah berusaha kangge meningkatken ketaqwaan kito  dumateng  Allah Ta’ala, kelawan sak  estu-estu  taqwa, Wonten pundike mawon lan eng ndalem kakhanan punopoke  mawon (ITTAQILLAHA  KHAETSUMMA  KUNTA)

Sebab namung mawi keimanan lan ketaqwaan kito dumateng Allah Ta’ala menikolah, kito bakal pikantuk kabejan wonten  eng alam dunyonipun, lan bakal Pikantuk keslametan soho kamulyan  mbenjang wonten eng alam akhiratipun. Dawuhipun Allah Ta’ala :

“Wallohu ’Alamu Bi Muroddihi,. Seng Sopo Wonge kang gelem Taqwa Marang Gusti Allah Ta’ala, Mongko Temtu Allah Ta’ala iku bakal pareng  jalan keluar (sangkeng sekabehane kerupekane) kanggone dewe’e, lan bakal dipun  paringi rizqi (deneng gusti Allah) sangkeng arah dalan  kang mboten dipun songko-songko” (QS : At-Thalaq 2-3)

Ma’asyirol   Muslimin   Rokhimakumulloh :
Perlu dipun Mangertosi bileh saktemene Taqwa meniko, mboten saget sampurno  kejawi  namung  kelawan  ngosongaken   manah   sangkeng  sedoyo   perkawis engkang  remeh lan ino,  sarto  kelawan   maes-maesi  jiwo  kelawan  sedoyo  macemipun  sifat-sifat  keutamaan,  Kados  dawuhipun  Kanjeng  Nabi  Saw :

“Ora Bakal Tutuk (Tekan) Sampurno opo Ketaqwaane Kawulo, Sehinggo  Dewe’e iku gelem  ninggalake  Perkoro-perkoro  kang ora opo-opo (tegese :Mubah Hukume) tetapi (perkoro-perkoro mau) mengko  eng  mburine  iku biso nyebabake  terjadine  opo-opo” (HR.Ibnu Majjah)

Taqwa  iku  sejatine dados dalanipu  tiyang-tiyang  engkang tansah  kepengen  mekoleh  pituduh  sangkeng  gusti  kang moho  wigati (Allah Swt), Sehinggo Sintenke mawon  tiyangipun  engkang purun  lumampah dumateng dalanipun menuju  ketaqwaan,  mongko  yekti   temen tiyang  kolo wau, meniko  bakal  pikantuk   kabejan  Fiddaroin.

Sebab  buahipun sangkeng ketaqwaan wonten kaleh, inggih meniko, bakal  mekoleh As-Sa’adah Fiddaroeni Pikantuk Kabejan  lan  Kamulyan wonten  eng  Alam  Dunyo  lan ugi  wonten  eng  Akhiratipun.
Lan cukuplah (opo), Kemulyaanipun tiyang-tiyang engkang purun taqwa dumateng Gusti Allah Ta’ala, Kelawan sak  estu-estu ninda’aken Taqwa, (KHAQQO TAQWA), Kerono, Saktemenipun  Gusti  Allah Ta’ala Sampun dawuhaken :

Wallohu ’Alamu  Bi Muroddihi, “Saktemene Gusti Allah  iku tansah nglindungi  lan  parek, dumateng  tiyang-tiyang  engkang purun Taqwa  lan purun  ninda’aken  amal  sholeh”. (QS : An-Nahl : 128).

Ma’asyirol   Muslimin   Rokhimakumulloh :
Anapun  sebab-sebaipun  kito meniko  saget  menuju  ketaqwaan dumateng Gusti Allah Ta’ala, meniko  katah   sanget, ten Kitab Taisirul Kholaq,  dipun sebataken  eng  antawisipun  inggih   meniko :

1. Kelawan  Nyawang  Marang  Awak’e  dewe (Makhasabatun  An-Nafsy), yen sejatine  kito  meniko  namung  dados salah  setunggalipun sangkeng pinten-pinten   makhluqipun Gusti Allah Swt, engkang apes  utawi  lemah,  lan sejatine Gusti Allah Ta’ala meniko Dzat engkang Moho Qiyat  lan Moho Prakoso, mongko temtu  mboten prayugi  menawi  makhluq  engkang  lemah  utawi apes meniko   badhe  tumindak maksiat  utawi   mbalelo, dumateng Dzat engkang  Qiyat lan Prakoso, Sebab  sejatine  nasib  kiyamba’ipun  wonten  eng  kekuasaanipun Dzat  kang Moho Qiyat lan  Moho Prakoso kolo wau.

2. Tansah Ngenget-ngenget (utawi tansah ngeling-eling)  Dumateng  Sedoyo Kesaenan-kesaenanipun Gusti Allah Ta’ala, Marang  Kito sami, eng ndalem  sekabehane tingkah, mongko  temtu  mboten  prayugi  menawi kito meniko sampun mangertosi sedoyo kesaenan-kesaenanipun Allah Ta’ala  dumateng  kito arupi  pepareng nikmat-nikmat,  selajengipun  kito meniko nyacat, maksiat, lan  kufur   utawi  mboten  syukur  dumateng  nikmat-nikmat  wau.

3. Tansah  ngengeti  dumateng Datengipun  Pati (Titi Wancinipun Ajal kito), keranten, sejatosipun  sintenke mawon tiyang, engkang  purun  mangertosi bileh   sejatosipun  Perkawis  Pati (utawi ajal) meniko termasuk perkawis  engkang  haq lan  mesti  bakal tekanipun, (lan sedoyo  makhluq  engkang  gesang eng alam dunyo meniko mesti bakal  katekanan pati utawi ajalipun), eng  mongko, selajengipun  mboten  wonten  pilihan maleh wonten  eng sak  sangajengipun  kematian   menuso,  kejawi namung  badhe mlebet  wonten  eng  suwago punopo badhe mlebet dateng neroko, temtu  (normalipun) Perkawis meniko, saget  dados  pemacu lan pemicu tumrapipun kito kangge ngatah-ngatahaken  tumindak amal  kesaenan utawi  amal sholeh (KHASBAL ISTITO’ATI.) sak mampunipun kito ugi  temtunipun  mboten  prayugi  menawi  kito meniko mboten  nyiapaken  bekal  kangge  persiapan  gesang  kito  eng  alam akhiratipun   sak  mangke.

Ma’asyirol  Muslimin Rokhimakumulloh :
Milo  mekaten,   Monggo  kesempatan  gesang  eng  alam dunyo engkang sampun  Allah  Parengaken  dumateng  kito  meniko  kito   gina’aken  kelawan sak sae-saenipun, Kelawan berusaha  kangge nindak’aken  amal-amal  kesaenan lan berusaha  kangge  nindak’aken  perkawis-perkawis  engkang saget migunani (manfaati)  tumrapipun  sesami  kito,  sesuai  kaleyan kemampuan, fungsi   soho  peran  kito  masing-masing,  Sehinggo  sisa  umur gesang  kito  eng  alam  dunyo   meniko  saget   sak  estu-estu  migunani  tumrapipun  awak  kito  kiyambak ugi  temtunipun   saget  migunani  tumrapipun  sesami  kito , Ngantos    sak  mangke  menawi  kito  meniko   sampun  pejah,  ngadep   dateng  ngarso  dalem Allah  Ta’ala,   mongko   kito dipun kenang  deneng  generasi  penerus  kito,  Kelawan  kenangan  engkang  sae lan  dipun tulis  eng sejarah  kehidupan  generasi  sak sampunipun kito, kelawan  tulisan   tinta   emas  sejarah  kehidupan  wonten  eng  masyarakatipun., sehinggo   pejah   kito  saget   angsal   Khusnul Khotimah. Amin….amin  Yaa  Robb  ’alamin.

Ma’asyirol   Muslimin   Rokhimakumulloh :
Mekaten engkang saget dipun aturaken, Mugi-mugi saget manfaati dumateng kito sami, sehinggo kito saget  dodos  tiyang-tiyang  Mukmin engkang Muttaqien, Ngantos  sak mangke kito saget pikantuk akhir engkang sae, KHUSNUL KHOOTIMAH,  Amien Yaa Robbal ‘Alamien.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar