Sabtu, 25 Desember 2010

Bulan Dzulhijjah

KEISTIMEWAAN  BULAN  DZILHIJJAH


اَلْحَمْدُ لِلَّهِ الَّذِيْ هَدَانَا لِهَذَا وَمَا كُنَّا لِنَهْتَدِيَ لَوْ لاَ أَنْ هَدَانَا اللهُ. أَشْهَدُ أَنَّ لاَ إِلَهَ إِلاَّ الله وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ. وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ. اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ. أَمَّا بَعْدُ؛ فَيَا أَيُّهَا الْمُؤْمِنُوْنَ، اِتَّقُوا اللهَ تَعَالَى حَقَّ تُقَاتِهِ


Ma’asyirol  Muslimin Rokhimakumulloh :
Monggo wonten eng kesempatan engkang sae lan mubarok meniko, kito sami   tingkaten roso  taqwa lan iman kito dumateng  Allah Ta’ala, kelawan sak  estu-estu taqwa  lan sak  estu-estu iman dumateng  Gusti  Allah   Swt, kelawan  ninda’aken sedoyo printah-printahipun  lan  berusaha  kangge nilari dumateng sedoyo awisan-awisanipun Gusti Allah Ta’ala, Wonten  pundike  mawon  lan  eng  ndalem  kakahanan  punopoke   mawon  “ITTAQILLAHA KHAITSUMMA KUNTA”



Ma’asyirol  Muslimin Rokhimakumulloh :
Sak Mangke  kito  sampun  Mlebet  wonten  eng   tanggal..........sangkeng  wulan Dzilhijjah  tahun 14......Hijriyyah, berarti  Insya Allah...........dinten Meleh  kito Ummat Islam  badhe  memprengeti  datengipun Hari Raya Iedil Adha  utawi Iedil Qurban  (eng  tanggal 10 (sedoso) Dzilhijjah).

Perlu dipun mangertosi  bileh wulan Dzilhijjah  meniko  termasuk  salahsetunggalipun  wulan  engkang dipun mulya’aken   deneng Gusti Allah Ta’ala, lan patut kito mulya’aken, keranten  wonten  eng sakjerone iku wulan, wonten pinten-pinten keistimewaan lan kemulyaan engkang  sampun  dipun parengaken  deneng Allah Ta’ala  kanggone Ummat  Kanjeng Nabi Muhammad Saw.
  
Perlu dipun mangertosi  bileh wulan Dzilhijjah  meniko  termasuk  salahsetunggalipun  wulan  engkang dipun mulya’aken   deneng Gusti Allah Ta’ala, lan patut kito mulya’aken, keranten  wonten  eng sakjerone iku wulan, wonten pinten-pinten keistimewaan lan kemulyaan engkang  sampun  dipun parengaken  deneng  Allah Ta’ala  kanggone Ummat  Kanjeng Nabi Muhammad Saw. Eng antawisipun :


1.Wonten eng wulan Dzulhijjah  meniko sebagian  Ummat  Islam, engkang  sampun  diparingi  kemampuan (biaya  lan  sanesipun) sak meniko, sami  takseh nyampurna’aken rukun islam engkang nomer gansal, yoiku sami  ninda’aken  rangkaian Ibadah Hajji lan Ibadah Umroh wonten eng  tanah   Suci  Makkah Al-Mukarromah  lan  eng  Madinah  Al-Munawaroh (Selami 40 (sekawan doso) dinten).

2.Wonten eng wulan Dzilhijjah meniko, kito  Ummat  Islam, (engkang  keleresan mboten  sami  ninda’aken  Hajji  lan Umroh)  dipun Anjuraken kangge ninda’aken (utawi ngelampahi Syiyam Sunnah)  eng tanggal 8  Dzulhijjah (Syiyam  Sunnah  Tarwiyah) lan Khususipun eng tanggal 9 Dzulhijjah (Syiyam Sunnah Arofah ). 
  
     Setunggalipun Riwayat nedahaken :

”Rasulullah Saw dipun  Tangleti deneng Shahabatipun,Prihal Ngelampahi Syiyam Sunnah Arofah (Syiyam Sunnah Tanggal 9 Dzilhijjah), Jawabipun Rasul Saw : (Utawi Poso Sunnah Arofah) iku temen biso nglebur marang doso-doso setahun kang  sampun kliwat, lan marang doso-doso setahun kang  bakal  tumeko (Tegese: Setahun engkang badhe dugi meniko, ndilalah kacegah mboten ninda’aken doso-doso) (HR.Imam Muslim).


3.Sedoyo Amal Sholeh engkang  dipun  tinda’aken  wonten  eng  wulan Dzilhijjah  (khususipun eng  sedoso dinten  pertama) meniko, sanget dipun cintai (demeni) deneng Gusti Allah Ta’ala.  Kados  Dawuhipun Rasul Saw : ”Mboten Wonten   Setunggalipun  Amal  Sholeh  engkang dipun tinda’ake (Deneng  tiyang Islam) engkang langkung  dipun cintai deneng  Ngarso Dalem  Gusti Allah Ta’ala, Kejawi Amal-Amal Sholeh, engkang  dipun  tinda’ake   wonten eng  sedoso dinten  kang awwal  sangkeng Wulan Dzilhijjah ”(HR.Imam Bukhori).


4.Wonten  eng   wulan Dzulhijjah  meniko, ugi kito gadahi dinten Istimewa, lan tansah  kito prengeti,  wonten saben  tahunipun, krentanten  dinten meniko, dados  setunggalipun Momentum Bersejarah  tumrapipun  kito  Ummat  Muhammad  Saw, Yoiku  Peristiwa sejarah  Iedul Qurban, Sebab Qurban Meniko dados setunggalipun Lambang lan Pituduh kanggene kito tiyang Muslim, Bileh saktemene   namung  kelawan   Pengorbananlah,  Sedoyo cita-cita  engkang  Sae  lan  Luhur meniko, Saget  Terwujud.  

5.Sebab  sejarah  sampun  Mbukte’aken, bileh  sintenke  mawon  tiyang engkang   paling  sanggup  berQurban, mongko  kiyamba’ipun, meniko Insya Allah, engkang   paleng   nggadahi   kesempatan  kangge  mekoleh Keberhasilan, sangkeng   cita-cita  lan   perjuanganipun.

6.Eng  dinten Arofah (utawi  dinten tanggal 9 Dzilhijjah), Allah Ta’ala Meniko Mbebasaken Kawulo-kawulonipun, sangkeng  sangkeng pedihipun sekso  geni  neroko,  


7.Engkang  terakhir,  lan  eng sak  lebetipun tanggal 9 Dzilhijjah (dinten Arofah) meniko, (Wonten setunggalipun  wekdal  engkang sanget  ijabah) menawi kito  nggadahi  hajat utawi penyuwunan  dumateng  Ngarso Dalem Allah Ta’ala,  Sebab  wonten eng wekdal wau, Allah Ta’ala  badhe  nyembadani   dumateng  sedoyo do’a-do’a  lan  dumateng  sedoyo  penyuwun  sangkeng Kawulo-kawulonipun, engkang  sami dedungo lan engkang  sami  nyuwun dumateng  Ngarso  Dalem  Allah  Ta’ala,  Wekdalipun  Inggih  meniko,  Nalika wekdal  bertepatan  kaliyan pelaksanaanipun  Wukuf  eng  Tanah Mekkah Al-Mukarromah, Tumrapipun  sederek-sederek  kito  engkang  sami  ninda’aken Ibadah Hajji lan Umroh. (Wekdalipun : Kinten-kinten Wekdalipun Bakdal  Ashar, eng tanggal 9 Dzilhijjah)

”Rasulullah Saw dipun  Tangleti deneng Shahabatipun,Prihal Ngelampahi Syiyam Sunnah Arofah (Syiyam Sunnah Tanggal 9 Dzilhijjah), Jawabipun Rasul Saw  : (Utawi Poso Sunnah Arofah) iku temen biso nglebur marang doso-doso setahun kang  sampun kliwat, lan marang doso-doso setahun kang  bakal  tumeko (Tegese : Setahun engkang badhe dugi meniko,, ndilalah kacegah mboten ninda’aken doso-doso)(HR.Imam Muslim).

”Mboten Wonten   Setunggalipun  Amal  Sholeh  engkang dipun tinda’ake (Deneng  tiyang Islam) engkang langkung  dipun cintai deneng  Ngarso Dalem  Gusti Allah Ta’ala, Kejawi Amal-Amal Sholeh, engkang  dipun  tinda’ake   wonten eng  sedoso dinten  kang awwal  sangkeng Wulan Dzilhijjah ”(HR.Imam Bukhori).

Sebab  sejarah  sampun  Mbukte’aken, bileh  sintenke  mawon  tiyang engkang   paling  sanggup  berQurban, mongko  kiyamba’ipun, meniko Insya Allah, engkang  paleng  nggadahi kesempatan  kangge  mekoleh Keberhasilan, sangkeng  cita-cita  lan perjuanganipun.





Ma’asyirol  Muslimin Rokhimakumulloh :
Milo  Mekaten, Monggo  kito  sami  Tafakur  lan sami  Mendhet  I’tibar  sangkeng  uraian singkat meniko, sehinggo  mugi-mugi,  Sak  mangke  kito  saget   ninda’aken   lan  saget  pikantuk   manfaat  sangkeng   Keistimiwaan lan Keagunganipun engkang  engkang sampun Allah Swt, Parengaken  Wonten  eng   Saklebetipun   Wulan  Dzilhijjah  meniko.  Amien Yaa Robbal ‘Alamien.

 
بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ، وَنَفَعَنِيْ وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ اْلآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ. أَقُوْلُ قَوْلِيْ هَذَا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ الْعَظِيْمَ لِيْ وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ الْمُسْلِمِيْنَ مِنْ كُلِّ ذَنْبٍ. فَاسْتَغْفِرُوْهُ، إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ.


1 komentar: