اَلْحَمْدُ لِلَّهِ رَبِّ الْعَالَمِيْنَ. وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ، وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ. اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ عَبْدِكَ وَرَسُوْلِكَ، اَلنَّبِيِّ اْلأُمِّيِّ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ أَجْمَعِيْنَ. أَمَّا بَعْدُ؛فَيَا أَيُّهَا الْمُسْلِمُوْنَ، اِتَّقُوا اللهَ مَا اسْتَطَعْتُمْ، وَاتَّقُوا اللهَ لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُوْنَ. قَالَ اللهُ تَعَالَى فِي الْقُرْآنِ الْكَرِيْمِ،: { يَا أَيُّهاَ الَّذِيْنَ ءَامَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنتُمْ مُّسْلِمُوْنَ
Ma’asyirol Muslimin Rokhimakumulloh :
Eng kesempatan engkang sae lan mubarok meniko, kawulo badhe ngajak dateng awak kulo kiyambak khususipun, lan hadlirin Jama’ah Jum’ah Rokhimakumulloh,, monggo kito tingkateken raos Iman soho Taqwa kito dateng Allah Swt, kelawan, sak estu-estu Iman lan sak estu-estu Taqwa dateng Allah Ta’ala. Yoiku kelawan nderek'aken dawuh titahipun Allah SWT :
قَالَ اللهُ تَعَالَى فِي الْقُرْآنِ الْكَرِيْمِ،: { يَا أَيُّهاَ الَّذِيْنَ ءَامَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنتُمْ مُّسْلِمُوْنَ
Ninda’aken dateng sedaya printah-printahipun, soho nebihi lan nilari dateng sedoyo awisan-awisanipun Allah Ta’ala, wonten pundike mawon lan wonten eng kakhanan punopoke mawon.
ITTAQILLAHA KHAITSUMMA KUNTA
Ma’asyirol Muslimin Rokhimakumulloh :
Nalika manungso gadahi rumaos utawi pengertosan bileh sejatine “kematian” iku dados watesipun eng antarane alam kaleh, yoiku alam kehidupan (alam hayat) lan alam kematian (alam maut), engkang setunggal gesang eng alam donyo, lan engkang setunggal sedo lan wangsul dados tanah (lemah/siti) maleh, sehinggo hubungan eng antarane alam kaleh iku dados terputus kangge sak lawas-lawasipun, sehinggo wonten engkang gadahi pendapet bileh tiyang engkang gesang lan tiyang engkang sampun pejah mboten saget maringi kemanfaatan punopo-punopo maleh.
Tegesipun : eng antarane tiyang engkang gesang lan tiyang engkang sampun pejah mboten saget saleng uluk salam, sehinggo sholawat lan salam dateng baginda Nabi Muhammad Saw iku berarti sia-siake mawon?, ndunga’aken dateng tiyang engkang sampun sumare eng maqbaroh engkang sanes keluarganipun (tegese : sanes tiyang sepahipun) berarti batal, tawasul lan ziarah kubur dipun anggep syirik, pengertian lan pemahaman engkang mekaten meniko jelas kirang tepat lan mengingkari dateng wontenipun Yaumul Akhir, Allah Ta’ala eng Al-Qur’an Al Karim sampun dawuhaken (QS As-Sajadah: 32/10):
Wallohu ‘Alamu Bi Muroddihi…., Lan Tiyang-tiyang Katah Sami podo Matur : “Apotoh (mungkin) Nalikone kito kabeh iku podo ancur lebur eng jero tanah, mongko nuli kito bakal ditange’ake eng ndalem kakhanan ciptaan engkang anyar?, (1191) Bahkan Dewe’e iku podo ingkar eng dalem perkoro (bakal) ketemu marang pengerane……….
[1191] tegese : wong-wong akeh mau, bakal diuripake deneng pengerane, kanggo nompo balesan sangko pengerane.ono eng dino kiamat.
Eng zaman sak mangke, taseh wontenke mawon sebagian, sangkeng sederek kito, engkang ngiro bileh sak sampunipun tiyang meniko pejah (mati), berarti kiyamba’ipun meniko selesai, lan mboten gadahi hubungan meleh kaliyan tiyang engkang taseh gesang eng alam donyo, lan tiyang kolo wau mboten saget dipun do’a-aken maleh deneng sederek-sederekipun muslim, kejobo namung putro- putrinpun piyambak engkang sholeh lan sholekhah, Sehinggo kematian iku dadi bates kemanfaatan gesangipun tiyang kolo wau.
Pemahaman lan pemikiran meniko, dipun dasari deneng keyakinan atinipun eng dalem memahami lan ngeyakini dateng dawuh Pemeturipun Baginda Nabi Muhammad Saw eng ndalem setunggalipun Hadist engkang Masyhur engkang artosipun kirang langung mekaten : “Nalikane anak adam iku mati, mongko terputus opo sekabehane amal-amale, kejobo 3 (telong) perkoro : yoiku : (1). Shodaqoh Jariyah, (2).Ilmu engkang Manfaat, (3). Lare (putro-putri) engkang Sholeh-Sholekhah, engkang sami Donga’aken dateng Tiyang Sepahipun”.
Ma’asyirol Muslimin Rokhimakumulloh :
Mungikin, keranten anggenipun menafsiri utawi anggenipun ngarte’aken dateng Hadist meniko didasari keyakinan engkang berlebihan, mongko terkadang terjebak dateng pamahaman lan pengartian engkang kirang tepat lan cenderung kelentu.
Padahal menawi kito teliti lan kito perhatosaken kelawan seksama, bileh sejatine Rasulullah Saw, meniko dawuhaken eng sak lebetipun hadist meniko, kelawan kalimah (In Qotho’a ‘Amaluhu “terputus amalipun”), sanes In Qotho’a Naf’uhu, engkang gadahi arti “Terputus Kemanfaatanipun”).
Ma’asyirol Muslimin Rokhimakumulloh :
Perlu dipun pahami bileh Rasul Saw eng dalem hadisipun Dawuhaken In Qotho’a ‘Amaluhu,…………………………… “terputus amalnya” = Engkang artosipun bileh sedoyo amalamalipun anak turun Nabiyulloh Adam As meniko, nalikanipun kiyamba’e pejah (sedo/mati) mongko otomatis terputus amal-ipun, pengertosanipun, inggeh meniko bileh wiwit saat ajal utawi wiwit kiyamba’ipun pejah, mongko dewe’e iku sampun mboten saget beribadah maleh, kiyamba’ipun mboten saget nambah ganjaran amal ibadah maleh kangge bekal sangu eng akhiratipun, kejawi namung njga’aken dateng 3 (tigang) perkawis : yoiku : (1). Shodaqoh Jariyah, (2).Ilmu engkang Manfaat, (3). Lare (putro-putri) engkang Sholeh-Sholekhah, engkang sami Donga’aken dateng Tiyang Sepahipun”.
Milo makno lan pemahaman kito sangkeng dawuh hadistipun Rasulullah Saw, Inggeh meniko : Anjuran beliau Rasulullah dateng kito ummat islam, engkang taseh dipun paringi kesempatan gesang eng alam dunyo meniko, Supados tansah dunga’aken dateng poro sederek muslim, dateng sesepuh, pinisepuh lan poro masyayyih kito, engkang sampun sami sumare eng alam barzah (alam qubur), kerono wiwit jasadipun dipun kubur, sederek-sederek kito, sesepuh, pinisepuh lan poro masyayyih kito meniko, sampun mboten saget (ngusaha’aken) maleh tambahipun ganjaran kangge awak’ipun kiyambak, kejobo namun sangkeng 3 (tigang) perkoro engkang sampun dipun sebutaken eng dawuhipun Nabi Saw.
Sehinggo menowo 3 (tigang) perkawis kolo wau, piyamba'ipun meniko mboten gadah, mongko harapanipun inggih meniko kiriman do’a-do’a sangkeng sederek-sederekipun muslim engkang taseh sami gesang eng alam dunyo, kangge menghibur roso sepinipun eng alam barzah. Kados dawuhipun Allah eng Al-Qur’an Surat At-Taubah : 09/103 : ‘Audzubillahi Minas Syaithonir Rojiem….
WASHOLLI 'ALAIHIM, INNA SHOLAWATAKA SAKAANUN LAHUM, WALLOHU WAASIUN 'ALIM
Wallohu ‘Alamu Bi Muroddihi…. Lan Podo Dongoho (Siro Kabeh), Kanggone wong-wong mau, kerono saktemene dongo-dongo iro iku (biso) ndadek’aken ketentremane jiwa kanggo dewe’e, Lan Allah iku Moho Midangetaken lan Moho Mangerteni”.
Ma’asyirol Muslimin Rokhimakumulloh :
Ayat eng nginggil meniko, nerangaken bileh maosaken do’a (ndonga’aken), dateng tiyang sanes duko tiyang meniko taseh gesang utawi tiyang meniko sampun sedo/pejah, meniko mesti bakal tekan (sampai). Yoiku rupo pikanthuk ketenangan jiwanipun tiyang engkang sampun kito dungak’aken.
Malahan (sampun dipun maklumi) hal meniko dados syarat syahipun eng sak lebetipun sholat jum’at meniko, yoiku khotib dipun wajibaken supados maos dongo, nyuwun ampunan (nyuwunaken ngapuro), dateng sedoyo sederek-sederek seiman, engkang taseh gesang ugi dateng engkang sampun pejah. (Mu’minin-mu’minat wal muslimin wal muslimat al akhya’ minhum wal amwaat………..).
Bahkan ganjaran tiyang-tiyang engkang sampun pejeh ugi taseh saget berkurang lan ugi taseh saget bertambah, berkurang kerono perbuatan (amaliyah) maksiatipun (jelekipun) dipun tiru (diikuti) deneng tiyang-tiyang sak lajengipun (generasi berikutnya), lan saget ugi bertambah menawi amaliyah saenipun, pitedah saenipun dipun napak tilasi (dipun contoh, lan dipun itba’i) deneng generasi sak lajengipun, sarto kiyamba’ipun dipun do’a,aken deneng poro murid-muridipun lan poro pengikutipun. Sehinggo ganjaran lan dosonipun tiyang engkang sampun sedo meniko mboten mandheg bertmbah lan berkurang, kejobo sak mangke yen sampun titi wancinipun dinten kiyamat sampun dumugi.
Allah Ta’ala dawuhaken eng Al-Qur’an (QS Ali Imron : 03/185) :
“Wallohu ‘Alamu Bi Muroddihi…. Saben-saben engkang berjiwa iku mesti bakal ngerasak’ake kematian, lan saktemene ono eng dino Qiyamatlah iku bakal disempurna’aken (opo) sekabehane ganjaran iro, lan seng sopo wonge didohake songko sikso geni neroko, lan dilebo’aken ono eng suwargo, Mongko sektemene dewe’e iku temen mekoleh kabejan, lan penguripan (kehidupan) ono eng alam dunyo iku ora liyo namung kesenengan kang biso nglale’ake”
Ma’asyirol Muslimin Rokhimakumulloh :
Pramilo monggo kito sami dedongo dateng Allah SWT, mugi-mugi sederek-sederek muslim kito, sesepuh, pinisepuh lan poro masyayyih kito, engkang sampun sami sumare eng alam barzah (alam qubur), saget angsal ridhonipun Allah, lan dipun ngapuro doso-dosonipun, lan dipun tampi sedoyo amal ibadahipun, sarto saget pikantuk nikmat qubur, lan kito sedoyo engkang taseh gesang eng alam dunyo meniko saget pikantuk pitulungan sangkeng Allah, saget istiqomah njagi iman lan islam kito, lan tansah lumampah wonten eng dalan (margi) engkang dipun ridlo’i, sehinggo kito sami saget pikanthuk akhir khayat engkang sae, khusnul khootimah, amin yaa robb ‘alamin.
بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ، وَنَفَعَنِيْ وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ اْلآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ. أَقُوْلُ قَوْلِيْ هَذَا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ الْعَظِيْمَ لِيْ وَلَكُمْ.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar