Tampilkan postingan dengan label kumpulan materi dakwah islam bahasa jawa. Tampilkan semua postingan
Tampilkan postingan dengan label kumpulan materi dakwah islam bahasa jawa. Tampilkan semua postingan

Rabu, 19 Januari 2011

Ambillah I’TIBAR (Pelajaran) Sejarah Kehidupan

Ambillah  I’TIBAR  (Pelajaran) Sejarah Kehidupan

اَلْحَمْدُ لِلَّهِ رَبِّ الْعَالَمِيْنَ. وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ، وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ. اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ عَبْدِكَ وَرَسُوْلِكَ، اَلنَّبِيِّ اْلأُمِّيِّ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ أَجْمَعِيْنَ. أَمَّا بَعْدُ؛  فَيَا أَيُّهَا الْمُسْلِمُوْنَ، اِتَّقُوا اللهَ مَا اسْتَطَعْتُمْ، وَاتَّقُوا اللهَ لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُوْنَ.                                                                        

Ma’asyirol   Muslimin   Rokhimakumulloh :
Wonten eng kesempatan engkang sae lan eng Mimbar Khutbah Jum’at wonten Masjid.................engkang  Mubarok meniko, Kawulo badhe ngajak dumateng awak kawulo kiyambak khususipun lan dumateng sedoyo Jama’ah Jum’ah Rokhimakumulloh, Monggo  kito sami berusaha ningkataken roso iman lan taqwa kito dumateng Allah SWT, Kelawan sak  estu-estu Iman  lan sak estu-estu Taqwa dateng Allah Swt, Yoiku: Kelawan berusaha ninda’aken sedoyo printah-printahipun lan tansah berusaha nilari sedoyo awisan-awisanipun Allah Ta’ala, Wonten  pundike  mawon lan eng  ndalem  kakahanan  punopoke  mawon” .(ITTAQILLAHA  KHAETSUMMA  KUNTA).


Ma’asyirol   Muslimin   Rokhimakumulloh :
Allah Swt, sampun nyipta’aken beraneka macem makhluk hidup engkang sami gesang lan menghuni eng alam dunyo meniko, termasuk kito manungso, sampun dipun cipta’aken deneng Allah Swt, mawi macem-macemipun ras, suku, golongan, bahasa lan budayanipun, anangeng  sedoyo meniko, tujuanipun supados  saget saleng  mengenal lan hidup rukun berdampingan, sebab saktemene engkang paleng Mulyo wonten eng sandingipun Gusti Allah, yoiku engkang paleng Bertaqwa eng antarane sliramu kabeh. 
Kados Dawuhipun Allah Ta’ala eng Al-Qur’an  Al-Kariem :

Wallohu ’Alamu Bi Muroddihi, ”Hey  eling-eling  Poro Menungso, Sak temene Ingsun (Allah) iku temen Sampun Nyipta’aken Marang Sliramu Kabeh, Sangkeng Jenis  Prio  lan Jenis Wanito  lan Ingsun (Allah) Dade’ake Tumrape Sliramu Kabeh iku Bersuku-suku  lan  Berbongso-bongso, Kabeh Kuwi Mau (Tujuane Yoiku) Supoyo Sliramu iku podo Saling Mengenal, Kerono  Saktemene Wong-wong Kang Paling Mulyo ono eng Ngarsanipun Allah Ta’ala, Yoiku Wong-wong engkang  paling  Bertaqwa  eng antarane Sliramu, Saktemene  Gusti Allah iku Dzat Kang Moho Mangerteni  lan  Moho Waspodo” (Al-Hujurat : 13) 

Ma’asyirol   Muslimin   Rokhimakumulloh :
Dawuhipun  Allah Swt meniko, sampun jelasaken dumateng kito sami, bileh  sejatinipun perbedaan-per bedaan engkang  wonten eng sak lebetipun pribadi kito masing-masing meniko, merupakan Sunnatulloh, ananging sedoyo perbedaan eng wonten meniko, bertujuan supados  kito sami saling mengenal, saling melengkapi lan  saleng  membutuhaken.

Agami Islam sampun nyari’ataken dumateng Ummatipun, supodos tansah njagi persaudaraan, kerukunan lan persatuan  dumateng sintenke mawon tanpo mbeda’aken ras, suku, agama, golongan, bahasa, lan budayanipun.

Sehinggo ampun ngantos, wonten eng antarane kito meniko rumaos bileh kiyambak’ipun meniko langkung mulyo lan langkung inggil dibandingaken sanesipun Kadostoto :
  •  Amargo  sebab Keturunan Tokoh terpandang, tokoh paling dihormati, dlsb. 
  • Amargo  sebab  Bando Kekayaanipun  utawi
  • Amargo  sebab  katah  Ilmunipun,  utawi
  • Amargo  sebab  inggil  Pangkat, Jabatan  lan  Kedudukanipun,

Sehinggo amargo gadahi  salah setunggal, sangkeng 4 (sekawan) Kebanggaan kolo wau, terkadang  wonten engkang  ngantos  mboten purun bersosialisasi (mengenal) kaliyan masyarakat  utawi kaliyan  lingkunganipun
  
Eng Al-Qur’an Al-Karim  Allah Ta’ala dawuhaken   :

”Saben-saben Golongan iku podo Rumongso Bangga (lan Mbangga-mbangga’ake), Marang apa-apa kang ono eng  golongan mau” (Ar-Rum 32)


Tegesipun: ”Saben-saben kito meniko terkadang takseh wonten engkang mbangga’-mbangga’aken, dateng sesuatu engkang kito miliki, ono kalane Kedudukan, Jabatan, Ilmu, Bondo Kekayaan, Keturunan  lan  sanes-sanesipun”


Perkawis meniko sejatosipun wajar soho manusiawi, Anangeng perlu dipun perhatosaken, bileh kebanggaan dumateng sedoyo perkawis-perkawis engkang bongso dunyawiyah meniko, ampun ngantos medal sangkeng bingkai  Kemaslakhatan Ummat lan Ampun Ngantos  Melenceng  Sangkeng Syariat Agami, Sebab Allah Ta’ala Sampun Pareng Syari’at, supados kito nebihi lan nilari sifat mbangga-mbangga’aken (Sombong lan Takabbur) kapanpun lan dumateng sintenke mawon langkung-langkung sombong dateng Allah Swt.

Dawuhipun Allah Ta’ala : 9 : ”Lan Ojo Pisan-pisan Sliramu iku  Mengo (Mlengosake Wajah Iro)  Nalikane  Sliramu  iku  Ketemu Marang Sepadane  Menungso  lan  Ojo  Pisan-pisan  Mlaku Sliramu Ono Eng Bumi iki Kelawan Roso Sombong, Kerono Saktemene Gusti Allah iku Mboten Dumateng Tiyang-tiyang Engkang  Sombong  lan  Tansah Mbangga’-mbangga’ake  Awak’e”  (Luqman : 18).


Ma’asyirol   Muslimin   Rokhimakumulloh :
Sejarah sampun mbukti’aken, katah tiyang ingkang hancur, lan mboten sekedik negari engkang runtuh, sangkeng kejayaanipun, sedoyo kolo wau sabab-musababipun mergo kesombongan & Amergo tansah mbangga’-mbangga’aken keunggulan  lan  Kemulyaanipun, Padahal Allah Ta’ala eng Al-Qur’anul Kariem sampun pareng Pelajaran (utawi Contoh).

Dipun crita’aken bileh Allah Swt sampun Ngusir Iblis La’natulloh ’Alaihi, sangkeng (Jannatun Naim) Suwargonipun Allah, hal meniko dipun sebab-aken mboten  Amargo Iblis meniko, Kufur (utawi Mboten Iman) dateng Allah Ta’ala, Anangeng mergo Iblis Nyombongaken  keunggulan lan kemulyaanipun wonten ngarso dalem Allah Ta’ala,  Sehinggo Mboten Purun Sujud (Tanda Hormat) dateng Nabiyulloh Adam ’Alaihissalam, Dawuh Printahipun Allah Swt, eng Al-Qur’an dipun Crita’aken dialogipun Allah  kaliyan  Iblis La’natulloh ’Alaihi :
 
”Dawuh  sopo Alloh Ta’ala: (Marang Iblis) Opo kang wis Ngalangi Marang Sliramu Kanggo Sujud (tondo hormat Marang  Nabi Adam As) Nalikane Ingsun (Allah) Printah Marang  Sliramu?,


”......Jawabipun Iblis: Ingsun Luweh Mulyo (Katimbang Adam), Panjenengan Nyipta’ aken Marang Ingsun Sangkeng Geni, Anangeng  Adam Panjenengan  Cipta’aken Mawi Tanah Liyat”  (QS Al-’Arof :12)

Mireng Jawab-ipun Iblis engkang Mekaten, Lajeng Allah Ta’ala Dawuhaken Marang Iblis  La’natullohi ’Alaihi:

”Allah Ta’ala Dawuhaken: Meduno  Sliramu (Hey Iblis)Songko  Iku   Suwargo, Kerono Sliramu Iku Ora Pantes Kanggo Nyombongake (Awak Iro) Ono eng sak Jerone Iku Suwargo, Mongko Enggal-enggal Metuwo Siro Sangkeng Suwargone (Ingsun), Saktemene Sliramu Iku Termasuk Golongane Wong-wong  kang Ino”. (QS Al-’Arof :13)

Ma’asyirol   Muslimin   Rokhimakumulloh :
Kesombongan soho Tansah Mbangga’-mbangga’aken Kelebihan, Kemulyaan,Pangkat soho Jabatanpun, meniko engkang saget ndadosaken sabab-musaba-ipun kehancuran lan risak’ipun ummat-ummat sak derengipun kito, Keranten mekaten, monggolah kito pendet i’tibar (Pelajaran) sangkeng Peristiwa-peristiwa bersejarah engkang sampun terjadi sangkeng umat-umat sak derengipun kito, sehinggo ampun ngantos kito meniko malahan dipun dadosaken I’tibar (Pelajaran) kangge generasi sak sampunipun Kito :


Ma’asyirol   Muslimin   Rokhimakumulloh :
Sebagai Penutup Monggo Kito Renungaken Setunggalipun Riwayat Sangkeng Sahabat Abdullah Ibnu Masy’ud R.A : Mugi-mugi  saget  dados (I’Tibar)  Pelajaran Tumrap Kito Sami :”Katah tiyang engkang Ketungkul (terbuai) Mergo Kesenengan (kenikmatan Dunyawiyah) # lan Katah Tiyang engkang (Sampun) Kesasar (Tersesat) Mergo Sanjungan (lan Pengalem) # lan Katah Tiyang engkang Tertipu (terpedaya) Mergo Keangkuhanipun (Tegese: Mbanggak’aken Marang awak Dewene)”.


Ma’asyirol   Muslimin   Rokhimakumulloh :
Mekaten  khutbah  engkang saget dipun aturaken,  mugi-mugi saget mbekto manfaat  dumateng  kito sami, sehinggo kito  saget  dados  Abdulloh  engkang  Mboten  Sombong  soho Tansah  Tawadlu’   dateng sintenke  Mawon, Ngantos Akhir Khayat Kito, Hinggo kito sak mangke saget kepanggeh dateng Allah Ta’ala pikantuk akhir engkang sae KHUSNUL KHOOTIMAH,  Amien Yaa Robbal ‘Alamien.

 
بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ، وَنَفَعَنِيْ وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ اْلآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ. أَقُوْلُ قَوْلِيْ هَذَا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ الْعَظِيْمَ لِيْ وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ الْمُسْلِمِيْنَ مِنْ كُلِّ ذَنْبٍ. فَاسْتَغْفِرُوْهُ، إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ.

Kamis, 23 Desember 2010

Waspadalah Terhadap Sifat atau Prilaku Egoisme-akuisme (Dosa Ananiyah) (Rizmy Blog@gmail.com)

WASPADALAH  TERHADAP SIFAT DAN PRILAKU EGOISME=AKUISME   (DOSA ANANIYAH)





الْحَمْدُ لِلَّهِ الَّذِيْ أَرْسَلَ رَسُوْلَهُ بِالْهُدَى وَدِيْنِ الْحَقِّ لِيُظْهِرَهُ عَلَى الدِّيْنِ كُلِّهِ وَلَوْ كَرِهَ الْكَافِرُوْنَ. أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَـهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ. أَمَّا بَعْدُ؛. جَمَاعَةَ الْجُمُعَةِ، أَرْشَدَكُمُ اللهُ فَيَا أَيُّهَا الْمُؤْمِنُوْنَ،. أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهُ، اِتَّقُوا اللهَ تَعَالَى حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنتُمْ مُّسْلِمُوْنَ وَمَن يَتَّقِ اللهَ يَجْعَل لَّهُ مِنْ أَمْرِهِ يُسْرًا وَيَرْزُقُهُ مِنْ حَيْثُ لاَ يَحْتَسِبُ، وَمَن يَتَّقِ اللهَ يُعْظِمْ لَهُ أَجْرً وَاتَّقُوا اللهَ لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُوْن



Ma'ayirol Muslimin Rokhimakumulloh :

Wonten eng kesempatan engkang Sae lan Mubarok meniko, Kawulo badhe ngajak dateng Awak pribadi kulo khusussipun, lan dateng sedoyo Jama’ah Rokhimakumulloh, Monggo kito tingkataken Kualitas Ke-Imanan lan Ke-Taqwaan kito, kelawan sak estu-estu Iman lan sak estu-estu Taqwa dateng Allah Ta’ala,

Yoiku  : Kelawan ninda’aken sedoyo printah-printahipun Allah lan nilari soho nebihi dateng sedoyo awisan-awisanipun Allah, Sirron Wa ‘Ala Niyyah”.


Ma’asyirol  Muslimin Rokhimakumulloh:
Allah Ta’ala Sampun Dadosaken (Nyipta’aken) kito sedoyo, wiwit sewaune mboten wonten, selajeng  dados wonten.

Allah Ta’ala  Nyipta’aken  kito sangkeng  setetes  banyu sperma (mani) engkang  lemah lan ino,  dipun  dadosaken sebagai Makhluq engkang minulyo lan terhormat.

Allah Nyipta’aken kito  wiwit  sewaunipun  sangkeng  jabang bayi engkang lemah lan mboten gadah doyo, dipun dadosaken Manungso engkang gagah lan prakoso, engkang   sewaune bodho tanpo  ilmu lan mboten mangertos punopo punopo, sejaleng kelawan qudroh-lan irodahipun Allah, dipun dadosaken Makhluq  engkang pinter berilmu pengetahuan sehinggo saget mangertosi dateng kakahanan lan saget ngembangaken tekhnologi engkang canggih soho modern.

bahkan keranten kecanggihan ilmu pengetahuan lan tehnologi engkang sampun dipun raih deneng Manungso, sehinggo  kito saget  mereng lan mirsani kedadosan punopoke mawon engkang terjadi eng pundike mawon, langsung wonteng eng wekdal saat  kejadian taseh berlangsung, kelawan lantaran satelit.

mawi kecanggihan tehnologi, manusngso ugi  diperkira’aken saget ngancur-leburaken jagat dunyo lan sak isinipun , eng dalem wekdal engkang sekedap (yoiku kelawan tehnologo Nuklir).
Anangeng  perlu  dipun  mangertosi lan dipun sadari kelawan sak sadar-sadaripun, bileh sehebat apapun, sepinter apapun lan semulyo apapun kito Manungso, meniko sejatinipun mboten wonten punopo-punoponipun, sebab sek temene Kamulyaan, Keagungan soho keutamaan meniko sedayanipun Namung Kangunganipun Dzat kang Moho Agung lan Prakoso, Allah Swt.

Milo Islam sampun pareng syari’at  dateng kito kelawan Isarat Rukun Islam engkang pertama yoiku SYAHADATAIN, langkung spesific maleh inggih meniko eng dalem Kalimah SYAHADAT  TAUHID.


tegesipun : Yekseni bileh mboten wonten Ilah (Pengeran/Sesembahan) kejawi manung Allah Ta’ala-ke Mawon.

Ma’asyirol  Muslimin Rokhimakumulloh:
sak sampunipun kalimah Syahadat Tauhid kito Lafadz-aken kelawan lisan engkang Fasih, selajeng dipun beneraken deneng Akal  kito, Banjur dipun percoyo (dipun yakini) deneng Ati (manah) kito (KHAQQUL YAKIN), Selajeng lir kadiyo  rukun  islam  engkang sanesipun, Syahadat sejatinipun ugi  nuntut/kedah dipun bukte’aken mawi Implementasi, , eng dalem bentuk perilaku  engkang  nyoto/riil/kongkrit, kerono yen mboten mekaten, mongko Syahadat, namung badhe mujudaken simbol-simbol  engkang mboten saget nglahirake dateng IHSAN.

tiyang islam pundi engkang  mboten mangertosi, bileh Syahadat meniko percoyo lan ngeyakini yen sak temene mboten wonten Ilah (Pengeran engkang Khaq dipun sembah)  anangeng kejobo namung Gusti Allah Ta’ala,  hal meniko temtu saben-saben muslim sampun paham lan mangerteni, selajeng pitakenanipun injeh meniko : Sinten Tiyangipun engkang sampun Meng-Implementasi-aken (Utawi sinten tiyangipun engkang sampun mrakte’aken  Hakekate sangkeng Kalimah Syahadat Tauhid Meniko, eng ndalem realita kehidupan sehari-hari kito?.

Ma’asyirol  Muslimin Rokhimakumulloh:
Mungkin eng antarane  kito  sampun  wonten tiyang engkang, sampun sak estu-estu  saget njagi  kebersihan lan kesucian sangkeng Syahadat Tauhid- ipun, kelawan mboten nyembah dateng sesembahan sanesipun (kadosto : berholo, watu, gunung, wit-witan lan sanesipun),  ugi sampun berusaha mboten syirik utawi mraholo’aken dateng bondo-donyo (kekayaan), pangkat, kedudukan, Ilmu soho jabatanipun, meniko sampun hebat lan sae sanget. anangeng  terkadang  kito taseh  tergelincir (kepleset) dateng setunggalipun tindak’an utawi sifat,  engkang  bahaya, lan kedah kito waspodai, yoiku,  sifat utawi Prilaku Ananiyah.

Sifat utawi prilaku  ananiyah meniko timbul sumberipun sangkeng sifat  sombong, Ananiyah tegesipun  sifat/prilaku egoisme-akuisme  utawi serba ke-aku-akuan. meniko termasuk penyakit ati (manah) engkang saget mbahaya’aken tumrap pemilikipun soho tumrap tiyang sanes, wiwit sangkeng keluargo, ngantos  masyarakat  lingkunganipun.

Bahayanipun siafat/prilaku ananiyah meniko  langkung ageng  katimbang sangkeng doso-doso sanesipun, sebab tiyang engkang terjangkit “sifat/prilaku ananiyah meniko, kiyamba’ipun meniko, tansah rumaos mulyo, istimewa, gadahi kaluwiyan katimbang sanesipun, sehinggo kiyamba’ipun tansah nuntut dipun mulya’aken, dateng sanesipun.

Sifat/prilaku ananiyah, meniko bentuk awal sangkeng pemujaan utawi peng-ilahan  dateng  awak-ipun kiyambak, hal meniko temtu saget ngerisak  /mengotori dateng  keikhlasan/kesucian sogho kebersihan sangkeng Syahadat  tauhid engkang sampun kito ucapaken.

milo mekaten, sintenke mawon tiyang engkang kepengen/karep eng yentho saget njagi dateng kesucian soho kebersihan Syahadat Tauhid-ipun, temtu kiyamba’ipun tansah badhe bersikap tawadlu’, lan tahu diri, (ma’rifat) marang awak’ipun kiyambak, sehinggo kiyamba’ipun saget ma’rifat  dateng sejatine Pengeranipun :

Ma’asyirol  Muslimin Rokhimakumulloh:
syahadat engkang sampun terucap lan terhayati kelawan sak-estu-setu, temtu saget nyelametaken lan nyegah dateng kito sangkeng prilaku/sifat ananiyah, rumaos mulyo, lan rumaos istimewa, sehinggo nimbulaken  prilaku tansah kepengen dipun mulya’aken lan tansah  kepengen di istimewa’aken, Naudzubillah Tsumma Naudzubillah.

Mekaten uraian singkat engkang saget kawulo aturaken, mugi manfaat dateng kito sami,  sehiggo kito saget mendet  i’tibar  lan saget meng-Implementase’aken eng kehidupan sehari-hari kito, ngantos kiti sak mangke wangsul ngadep dateng ngarso  dalem Allah Ta’ala kelawan pikantuk akhir engkang sae Khusnul Khoootimah, amin Yaaa Robbal ‘Alamin.




Ya Allah Semoga Engkau Hindarkan dan lindungi Kami dari Prilaku atau Sifat Ananiyah ini, dan jadikanlah kami sebagai hamba-hamba-Mu yang senantiasa dapat melihat dan mengukur serta mengerti akan kelemahan, kekurangan dan batas kemampuan diri kami, sehingga kami dapat selalu bersyukur atas setiap nikmat dan karunia-MU yang telah Rngkau berikan kepada kami, dengan jalan selalu mengingat dan mengagungkan Asma-Mu dan mensucikan  Engkau dari segala yang Mukhal bagi-MU, jadikanlah kami hamba-hamba-MU yang Shaleh dan memperoleh kebahagiaan Fie Daroini, Amin



(Naskah asli dalam bahasa Indonesia dari saudara Drs Agus Salim, Dengan tidak mengurangi Ta;dzim kami kepada beliau, Naskah tsb telah dialih bahasakan (jawa) dan telah diadakan beberapa perubahan isi teks dengan tanpa mengubah esensi dari judul materi oleh Moh.Khawarizmy Murhis (pemilik Rizmy Blog@gmail.com) dan telah diterbitkan dalam Blog kami.....semoga bermanfaat bagi kita semua, amin).

Rabu, 22 Desember 2010

Memahami Esensi Jihad Oleh : Rizmy Blog@gmail.com



اَلْحَمْدُ لِلَّهِ الْمَحْمُوْدِ عَلَى كُلِّ حَالٍ، اَلْمَوْصُوْفِ بِصِفَاتِ الْجَلاَلِ وَالْكَمَالِ، الْمَعْرُوْفِ بِمَزِيْدِ اْلإِنْعَامِ وَاْلإِفْضَال أَحْمَدُهُ سُبْحَاَنَهُ وَهُوَ الْمَحْمُوْدُ عَلَى كُلِّ حَالٍ. وَأَشْهَدُ أَنَّ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَشَرِيْكَ لَهُ ذُو الْعَظَمَةِ وَالْجَلاَلِ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ وَخَلِيْلُهُ الصَّادِقُ الْمَقَالِ. اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى عَبْدِكَ وَرَسُوْلِكَ مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ خَيْرِ صَحْبٍ وَآلٍ وَسَلِّمْ تَسْلِيْمًا كثيرا. أَمَّا بَعْدُ؛فَيَا أَيُّهَا النَّاسُ، اِتَّقُوا اللهَ تَعَالَى حَقَّ تُقَاتِهِ قَالَ اللهُ تَعَالَى: يَاأَيُّهاَ الَّذِيْنَ ءَامَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنتُمْ مُّسْلِمُوْنَ. وَقَالَ رَسُوْلُ: اِتَّقِ اللهَ حَيْثُ مَا كُنْتَ

Maasyirol   Muslimin   Rokhimakumulloh :
Wonten eng kesempatan engkang sae lan mubarok meniko, kawulo badhe ngajak dumateng  awak kawulo kiyambak khususipun lan dumateng Jama’ah  Rakhimakumulloh, Monggo kito tingkataken roso Taqwa kito dumateng Allah Swt,kelawan sak estu-estu taqwa, Yoiku : “Kelawan berusaha kangge meninda’aken  Sedoyo printah-printahipun Allah Ta’ala, lan  berusaha kangge nilari  dumateng  sedoyo awisan-awisanipun, Allah Ta’ala, wonten pundike mawon  lan  eng  ndalem  kakhanan  punopoke  mawon”. Ittaqillaha Khaetsumma Kunta”

Sebab namung mawi keimanan lan ketaqwaan kito dumateng Allah Ta’ala menikolah, kito bakal pikantok kabejan wonten  eng alam dunyonipun, lan mbenjang eng akhirat kito bakal mekoleh keslametan lan kamulyan sangkeng Rohmatipun Allah Swt.

Ma’asyirol   Muslim ien  Rokhimakumulloh :

Allah Swt  sampun  dawuhaken  eng  Al-Qur’an Al-Kariem Surat As-Shaf 10-11 :

Wallohu ‘Alamu Bimuroodihi :  Hey wong-wong kang podo iman kabeh,  onoi tho sliramu iku gelem  Ingsun (Allah)   tuduhake, marang sewijine  perniagaan (perdagangan) kang  (perdagangan  mau  iku),biso  mbebasake eng Sliramu, songko pedihe  sikso (geni neroko)?,  (Wujude perdangan mau yoiku) : yentho sliramu  iku  iman  marang  Gusti Allah  lan poro Utusanane (Rosule), lan (kelawan)  ninda’ake  Jihad  Fie  Sabilillah, mawi   banda  lan  mawi  jiwanipun, kang  mengkunu iku  temen luweh bagus (becik)  tumrapipun  sliramu,  lamon sliramu  iku  podo   mangerteni” (Qs: Ash-Shaf :10-11).

Wonten  eng  setunggalipun  riwayat  Rasulullah Saw, nate dipun takeni  deneng  shahabatipun, pitakenipun mekaten :

“Yaa Rasulallah, Amal  punopo engkang  paleng  dipun   cintai  deneng  Gusti Allah Ta’ala?, Jawabipun Rasulullah Saw : Yoiku ninda’aken kewajiban  Sholat  gangsal  wekdal  tepat  wonten  eng  wekdalipun, lajeng  nindak’aken  bekti  menyang  tiyang  sepah kekaleh (birrul walidaen), lajeng nindak’aken  Jihad  fie  Sabilillah (berjuang kangge nega’aken  syari’at   agamanipun  Gusti Allah)”(HR.Buhori-Muslim).


Ma’asyirol   Muslimin   Rokhimakumulloh :
Dawuh firmanipun Gusti Allah  lan  Dawuh sabdonipun Kanjeng Nabi Muhammad  Saw, meniko nerangaken bileh kedudukan  sangkeng  Jihad  fie Sabilillah  (berjuang  kangge  negak’aken syari’at agaminipun Gusti Allah) meniko sanget  agung lan mulya sanget, malah eng pinten-pinten riwayat hadist  shoheh (riwayat  imam buhori-muslim lan sanesipun) engkang  nerangaken  perihal  jihad  fie sabilillah  meniko, nyebataken  bileh  sejatosipun  mboten  wonten, amal  ibadah sanesipun, sak sampunipun iman dateng Allah lan Rosulipun  engkang  saget ngluwihi (katah lan istimewaipun) menggah  mekoleh  ganjaranipun soho kedudukanipun, wonteng ngarso dalem Gusti Allah,  kejawi  namung  amal   Jihad  fie   Sabilillah.

Pengertian Jihad, eng kitab An-Nihayah lil Imam Ibnu Atsir Rakhimahullohu Ta’ala, dipun jelasaken  inggih meniko: “Berusaha kelawan sungguh-sungguh , kangge   nega’aken  kalimatulloh (Lie i’la’i Kalimatillah), mawi  ucapanipun, bondonipun   lan  ugi  Jiwonipun”.

Hal meniko sesuai kaliyan dawuh sabdanipun kanjeng nabi saw :

“Podo Jihado siro kabeh, kelawan  banda  dunya  iro, lan jiwo  iro, lan ugo kelawan lisan  iro ” (HR.Abu Dawud).

Allah Swt ugi sampun dawuhaken eng  Surat At-taubah  : 41 ) :
“Wallohu ‘Alamu bi  Muroddihi,  Lan Podo Jihado  Sliro Kabeh. Kelawan Banda Dunya-iro, lan Kelawan Jiwo iro, eng Dalem Dalan (Syari’at) Agamanipun  Gusti  Allah” (Surat At-taubah  : 41)


Jihad  Fie  Sabilillah  Meniko  mboten  wonten  bandinganipun, menggah  istimewa  lan  kedudukan  ganjaranipun  wonten  eng ngarso dalem Allah Ta’ala,Kados dipun  dawuhaken deneng kanjeng Nabi Muhammad Saw :  “Mongko Saktemene  kedudukane  salah  siji  (songko) iro, eng  ndalem ninda’ake Jihad Fie Sabilillah, iku luweh utomo lan luweh mulyo katimbang  yentho  sliramu iku ninda’ake sholat (sunnah) eng omah-omah  iro  eng  dalem  sak  jerone  pitong  tahun” (HR.Tirmidzi). 

Ma’asyirol   Muslimin   Rokhimakumulloh :
Ananging Kito Ampun  Keleru, anggenipun memahami makno sangkeng  Jihad  Fie Sabilillah Meniko,  sebab Jihad Fie Sabilillah Meniko Mboten Saget dimaknani Mawi ngangkat  senjata,  utawi kelawan makno Ninda’aken Perang, utawi mawi tindakan Bom bunuh diri, Memang Perang meniko, termasuk salah setunggal sangkeng pinten-pinten dalan kangge mujudaken Jihad Fie sabilillah, anangeng  tujuan sangkeng perang  meniko, kadosto   kangge  ngusir  penjajah umpaninipun, kangge ngusir zionis  israel eng  tanah pelestina (Zionis Kafir Kharby :  “tiyang-tiyang kafir engkang ceto memang ngajak perang dumateng tiyang islam”), kangge mempertahankan kemaerdekaan  negoronipun, lan  sanes-sanesipun.

Dados  tujuan  kito ngangkat  senjata meniko, wonten sebab-musaba-ipun.  

Anangeng  eng negari  kito Indonesia  saat meniko, memaknai  jihad  kelawan ngangkat senjata, meniko   temtu   mboten   pas  kaliyan  kakhanan  zaman  lan  papan panggenanipun. 


Sehinggo   memaknai  jihad  fie  sabilillah, eng negari kito Indonesia saat meniko eng pas lan engkang sesuai kaliyan  zamanipun inggih meniko, Berjihad  kangge  merangi  kemiskinanipun  ummat  islam lan  berjihad  kangge  merangi  kebodohanipun  ummat  islam,  yoiku  kelawan  mbiyantu  perekonomianipun tiyang-tiyang  feqir,  miskin  lan  dhuafa’   kelawan  ngedalaken  infaq, shodaqoh,  lan maringi  modal  usaha  engkang  manfaat, hal  meniko temtu  dados  tugasipun pemerintah lan poro Aghniya’-aghniya’ muslim, Ananupun  Berjihad  kangge  merangi  kebodahanipun ummat  islam,  yoiku kelawan  coro nggalak’aken semanget belajar (tholabul ilmi), wonten eng madrosah-madrosah diniyyah,  pondok  pesantren ,  lan majlis-majlis  ta’lim, meniko temtu dados tugasipun kito  sami sebagai  tiyang  muslim  lan  generasi  islam,  supados   agami  islam  meniko  saget  tetep  langgeng  wonten eng negari Indonesia tercinta.

  
Ma’asyirol   Muslimin   Rokhimakumulloh :
Jihad meniko wonten kaleh macemipun, yoiku :  Dawuhipun Kanjeng Rasul kirang langkung mekaten “Kito  sedoyo  nembeke  mawon wangsul  sangkeng Jihad  Ashghor (Jihad  Alit), lan  selajengipun kito smi badhe tumuju  marang Jihadu  Al-Akbar  (Jihad  Ageng), mireng dawuhipun Kanjeng Rasul engkang mekaten, selajeng poro Sahabat  sami  podo  matur : Yaa Rasulullah,   Punopo  engkang dipun Maksud  Kaliyan Jihadu Al-Akbar meniko?Rasulullah Saw mangsuli :  Yoiku  Jihadu , An-Nafs (Merangi marang Hawo Nafsu). ”(Al-Hadist).


Ma’asyirol   Muslimin   Rokhimakumulloh :
Ampun ngantos kito  meniko  mempersempit, makno  lan pengertian nipun sangkeng   Jihad Fie Sabilillah, kelawan  makno lan pengertian bileh jihad fie sabilillah meniko perang utawi ngangkat senjata, utawi  kangge  maksaaken  faham lan kebenaranipun kelompok /golongannipun kiyambak-kiyambak, sehinggo  eng akhiri pun, kekiyatan  lan  raos  ukhuwwah  ummat  islam  sangsoyo dangu, dados  sangsoyo  pudar lan melemah, terkotak-kotak  kaliyan kelompok-kelompok, golongan-golongan  lan faham-faham engkang  saling  nyalahaken  lan  saling  nganggep  bener kolompok lan golonganipun masing-masing.


Kadosto  Fenomena  Engkang  Terjadi Akhir-Akhir Meniko, Wajah Ummat Islam  Eng  Negari  Kito  Indonesia saat meniko, Engkang  Ketinggal  Mboten Wajah Umat Islam Engkang Rohmatan  Liel  ‘Alamien,  Ananging  Engkang  Ketinggal  Inggih  Meniko  Wajah Ummat   Islam  Engkang  Sadis,  Anarkhis,  Brutal,  sehinggo  Ngantos Ummat Islam Meniko,  Ngantos Dipun Cap Sebagai Ummat Teroris, Naudzubillah Min Dzalika.   


Hal  meniko temtu  mboten sesuai kaliyan  dawuhipun Allah Ta’ala, nalikanipun ngutus kanjeng Nabi Muhammad  Saw,  kangge  mbekto  syariat  agama  islam  wonten  eng alam dunyo meniko :  “Lan  Ingsun  (Allah)  iku ora ngutus marang sliramu Muhammad, angeng kejobo kanggo nggowo Rahmat  tumrapipun penghuni  Alam sekabehane” (Al-Qur’an). 

 Ugi mboten sesuai kaliyan dawuhipun kanjeng nabi saw : “Saktemene  Ingsun iku diutus deneng Gusti Allah, kanggo mbenahi Prilaku (utawi akhlaqipun poro menungso)”(Al-Hadist).

Ma’asyirol   Muslimin   Rokhimakumulloh :
Mekaten  engkang saget dipun aturaken,  mugi-mugi saget manfaati  dumateng  kito sami, sehinggo kito saget  dodos  tiyang-tiyang  Mukmin  Wal  Mujahidien  Fie Sabilillah, Sesuai kaliyan fungsi, peran, lan kemampuan kito masing-masing, Sehinggo  kito sak mangke saget pikantuk akhir engkang  sae KHUSNUL KHOOTIMAH,  Amien Yaa Robbal ‘Alamien. 



mugi mbekto manfaat kagem kito sami, lan nyuwun agunge seh agungepun samudro pangksami....al afwu minkum tsummas salamu 'alikum, warohmatullohi wabarokatuh. 



Kunjungilah  selalu Blog kami, karena kami Insya Allah akan selalu meng-Up date materi-materi kultum & dakwah dalam bahasa jawa (pekalongan) setiap saat, dan kami berharap semoga bermanfaat bagi kita semua dalam ikut mensyiarkan Agama Allah dimanapun dan kapanpun, sesuai peran, fungsi dan kemampuan kita masing-masing, semoga kita menjdi hamba-hamba Allah yang beriman, bertaqwa dan memperoleh akhir yang baik Khusnul Khootiman, Amin Amin Yaa Arkhamar Rookhimin......