Tampilkan postingan dengan label kumpulan materi dakwah bahasa jawa (Bulan-2 Hijriyah). Tampilkan semua postingan
Tampilkan postingan dengan label kumpulan materi dakwah bahasa jawa (Bulan-2 Hijriyah). Tampilkan semua postingan

Selasa, 18 Januari 2011

Mukhasabah akhir Tahun

MUKHASABAH

الْحَمْدُ لِلَّهِ الَّذِيْ أَرْسَلَ رَسُوْلَهُ بِالْهُدَى وَدِيْنِ الْحَقِّ لِيُظْهِرَهُ عَلَى الدِّيْنِ كُلِّهِ وَلَوْ كَرِهَ الْكَافِرُوْنَ.أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَـهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ. أَمَّا بَعْدُ؛. جَمَاعَةَ الْجُمُعَةِ، أَرْشَدَكُمُ اللهُ فَيَا أَيُّهَا الْمُؤْمِنُوْنَ،. أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهُ، اِتَّقُوا اللهَ تَعَالَى حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنتُمْ مُّسْلِمُوْنَ وَمَن يَتَّقِ اللهَ يَجْعَل لَّهُ مِنْ أَمْرِهِ يُسْرًا وَيَرْزُقُهُ مِنْ حَيْثُ لاَ يَحْتَسِبُ، وَمَن يَتَّقِ اللهَ يُعْظِمْ لَهُ أَجْرً وَاتَّقُوا اللهَ لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُوْنَ


Maasyirol   Muslimin   Rokhimakumulloh :
Al-khamdulillah Was Syukrulillah , Tansah kito aturaken dumateng Ngarso dalem Allah Swt, engkang sampun pareng pinten-pinten Nikmat dumateng kito, Bil khusus Nikmat Iman lan Nikmat Islam, engkang kedah lan tansah kito jagi soho kito ugemi ngantos akhir hayat kito  kepanggeh ngarso dalem Allah Swt.

Salah setunggalipun sangkeng  perwujudan  raos  syukur  kito dumateng sedoyo  nikmat-nikmatipun Allah Ta’ala, inggih meniko : “Kelawan tansah berusaha kangge meningkatken keimanan soho ketaqwaan kito dumateng Allah Ta’ala, kelawan sak  estu-estu  iman  lan sak  estu-estu taqwa”.

Sebab namung mawi keimanan lan ketaqwaan kito dumateng Allah Ta’ala menikolah, kito bakal pikantuk kabegjan wonten  eng alam dunyonipun, lan mbenjang eng akhirat kito bakal mekoleh keslametan lan kamulyan sangkeng Rohmatipun Allah Swt.
Ma’asyirol   Muslim ien  Rokhimakumulloh :
Sak mangke kito sampun mlebet eng tahun enggal Islam 1432 H ugi  nembe kemawon mlebet gantos tahun Miladiyah 2011 M, perkawis meniko menawi kito perhatosaken lan kito tafakkuri kelawan sak estu-estu temtu badhe gadahi makno spiritual engkang dalem ugi temtu badhe gadahi efek positif tumrap pribadi kito sebagai kawulanipun Allah SWt, khususipun kangge peningkatan amaliyah lan sebagai sarono mukhasabah (instrokpeksi dateng pribadi kito masing-masing).

Sebab sejatosipun pergantian tahun meniko termasuk salah satunggaling ayat-ayat-ipun Allah SWT engkang tersirat lan dipun bentangaken wonten sak lebetipun kehidupan kito manungso sebagai sarono (wasilah) supados kito saget mendhet I’tibar lan bertafakur dateng perjalanan kehidupan kito wonten eng saben-saben saatipun, sehinggo wonten eng saben-saben wekdal lan kesempatan, kito tansah nindak’aken Mukhasabah (ntliti-ntiliti lan ngitung-itung dateng sedoyo amal, tindakan, ucapan lan pendamelan engkang sampun kito lampahi lan lalui) wonten eng sak lebetipun tahun-tahun engkang sampun kapengker.

Anapun maksud lan tujuanipun nindak’aken Mukhasabah eng antawispun  inggih menika :

  1. Supados kito saget tansah memperbaiki diri, sikap, amal, perbuatan, ucapan lan pendamelan tumuju kesempurnaan lan berusaha supados saged langkung sae katimbang wekdal lan kesempatan engkang sampun berlalu (kepengker), sehinggo kualitas pribadi lan amal ibadah kita saged meningkat selalu, ampun ngantos  kito meniko stagnan, ajeg lan tansah rumaos puas kaleyan kualitas lan kuantitas Iman, Ilmu lan amal ibadah engkang sampun kito lampahi lan kito tindak’aken, padahal  printahipun agami kito kedah berusaha kangge Fastabiqul Khoirot  berlomba-lomba ningkataken kualitas pribadi lan amaliyah ibadah kito, kangge bekal gesang eng alam dunyo lan ugi kangge sangu kito gesang wonten alam akhirat sak mangke.

  1. Tujuan kito nindak’aken Mukhasabah engkang nomer kaleh inggih meniko supados kito meniko menyadari kelawn sak estu-estu sadar bileh sejatinipun peristiwa [ergantosan tahun meniko dados peringetan dateng pribadi kito masing-masing sebagai kawulanipun Allah engkang dipun paringi akal lan nalar, supados  tansah ginak’aken akal lan nalar kito kangge berfikir lan bertafakur, eng dalem  bertindak, bersikap lan beramal, sehinggo kelawan akal fikiran engkang jernih lan ati kang bening, iman, ilmu lan amal kito saget  meningkat kualitas lan kuantitasipun sebab tiyang engkang tansah ginak’aken akal lan fikiran soho penalaran engkang didasari mawi iman lan ilmu Fa Insya Allah saget gadahi kontrol lan  efek positip dateng saben-saben langkah, ucapan, tindakan, amaliyah kito tumuju dalan engkang dipun ridlo’I deneng Allah SWT lan mboten terjerumus dateng nuruti dateng kekarepanipun howo nafsu lan perkawis-perkawis dunyawiyah, sehinggo gesang kito saget pikantuk sakinah, (ketenangan, ketentraman lan kondusifitas engkang sae), ugi saget mujudaken dateng terwujudipun setunggale keharmonisan eng dalem keluargo, masyarakat lan lingkunganipun.

  1. Tujuan kito nindak’aken Mukhasabah engkang nomer tigo inggih meniko supados kito meniko menyadari kelawan sak estu-estu sadar bileh sejatinipun peristiwa pergantosan tahun meniko dados peringetan dateng kito bileh umur kito meniko sampun bertambah sepuh (tua), lan kedah kito terimo lan kito sadari soho mboten saget kito bantah (pungkiri) kasunyatan engkang mekaten, yen kito sampun sadar mekaten selajeng  kito ugi kedah menyadari bileh wekdal lan kesempatan kito kangge ningkataken Iman, Ilmu lan Amal kangge bekal kito gesang eng alam dunyo, engkang katah godaan, ujian, tantangan, hambatan lan problematikanipun engkang sangsoyo tahun sangsoyo komplek soho awrat, ugi temtunipun kangge bekal kito mbenjang wonten eng kehidupan alam akhirat, alam keabadian tumrapipun sedaya makhluk- lan alam semesta.

 Kito kedah sadar lan menyadari bileh kito meniko tansah berpacu kaleyan waktu lan kesempatan, engkang temtunipun sangsoyo tahun sangsoyo sempit  lan berkurang, sehinggo menawi waktu lan kesempatan engkang sampun Allah SWT parengkeng dateng kito, mboten kito ginak’aken kelawan sak estu-estu kangge ningkataken Iman, Ilmu lan Amal, Anangeng malah kito ginak’aken kangge nuruti kekaerapanipun howo nafsu kito, temtu kito bakal pikantuk kerugian lan temtu kito badhe menyesal mebenjang wonten eng  Yaum AlKhisab., (dinten penghitungan amal-amal) anangeng sesal kemudian temtu mboten wonten manfaatipun utawi mboten gadah faedah punopo-punopo.

Wektu lan kesempatan engkang Allah Ta’ala parengaken dateng kito sami lan adil 24 jam eng dalem sedinten sendalunipun, badhe kito ginak’aken kangge punopo, njeh terserh kito  masing-masing, badhe kito ginak’aken kangge nuruti kekarepane howo nafsu sumonggo, anangeng kito kedah siap dateng konsekwensi lan resikonipun, semanten ugi menawi badhe kito ginak’aken kangge Fastabiqul Khoirot, berlomba-lomba kangge ningkatake Iman, Ilmu lan Amal, mongko temtu hasilipun engkang sae lan manfaati Fid Dien Waddunya Wal Al-Khiroh, ugi kito kiyambak engkang badhe nampi lan ngraosaken.

Ma’asyirol   Muslim ien  Rokhimakumulloh :
Hasil penilitian engkang sampun dipun tindak’aken deneng Ilmuwan-Muslim ngengingi perkawis umur utawi yeswonipun  tiyang Muslim hasilipun inggeh mniko :
 Sangkeng hasil penelitian meniko, menawi kito pikiraken  kelawan sak estu-estu (Tafakkur)  Selajeng pitakenanipun inggeh miniko, kangge punopo Yeswo kito meniko kito ginak’aken? Punopo sampun cekap bekal engkang sampun kito persiapaken kangge ngadepi gesang engkang abadi eng alam akhitat sak mangke?

Milo mekaten, Pramilo sepindah maleh sumonggo kesempatan lan wekdal engkang taseh Allah SWT parengaken dateng kito meniko, kito ginak’aken kelawan sak estu-estu, kangge nindak’aken kesaenan lan  kangge ningkataken Iman, Ilmu lan Amal kito, sehinggo wonten eng saben-saben momentum pergantian tahun meniko, kito  saget pikantuk manfaat engkang sae, lan kito saget dados lan saget  kalebet  dados kawula-kawulanipun Allah Ta’ala engkang pikantuk kabejan Fid Daroini (Kabejan gesang eng alam dunyonipun lan angsal kamulyan mbenjang eng Akhiratipun)  Amin amin Yaa Mujibas Saailin..........................


بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ، وَنَفَعَنِيْ وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ اْلآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ. أَقُوْلُ قَوْلِيْ هَذَا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ الْعَظِيْمَ لِيْ وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ الْمُسْلِمِيْنَ مِنْ كُلِّ ذَنْبٍ. فَاسْتَغْفِرُوْهُ، إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ.



Sabtu, 25 Desember 2010

Syayyidil Ayyam

KEISTIMEWAAN  HARI  JUM’AT
SAYYIDUL AYYAM  dan  YAUM  AL-MAZID

اَلْحَمْدُ لِلَّهِ رَبِّ الْعَالَمِيْنَ وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ، وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ. اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ عَبْدِكَ وَرَسُوْلِكَ، اَلنَّبِيِّ اْلأُمِّيِّ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ أَجْمَعِيْنَ. أَمَّا بَعْدُ؛ فَيَا أَيُّهَا الْمُسْلِمُوْنَ، اِتَّقُوا اللهَ مَا اسْتَطَعْتُمْ، وَاتَّقُوا اللهَ لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُوْنَ. قَالَ اللهُ تَعَالَى فِي الْقُرْآنِ الْكَرِيْمِ،: { يَا أَيُّهاَ الَّذِيْنَ ءَامَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنتُمْ مُّسْلِمُوْنَ
Ma’asyirol   Muslimin   Rokhimakumulloh :
Monggo wonten eng kesempatan engkang sae lan mubarok meniko, kito sami   tingkaten roso  taqwa lan iman kito dumateng  Allah Ta’ala, kelawan sak  estu-estu taqwa  lan sak  estu-estu iman dumateng  Gusti  Allah   Swt, kelawan  ninda’aken sedoyo printah-printahipun  lan  berusaha  kangge nilari dumateng sedoyo awisan-awisanipun Gusti Allah Ta’ala, Wonten  pundike  mawon  lan  eng  ndalem kakahanan  punopoke   mawon

Sebab namung kelawan  keimanan lan  ketaqwaan menikolah, kito  bakal sanggup ngadepi sedoyo  rintangan, hambatan soho tantangan  wonten  eng  zaman  akhir sak meniko, ugi  namung   kelawan  keimanan  lan  ketaqwaan  meniko, kito mbenjang  bakal  pikantuk  kabejan  engkang  ageng  sangkeng Allah Ta’ala  arupi, pikantuk  syafa’at keslametan lan kabejan eng alam akhiratipun. 

Ma’asyirol   Muslimin   Rokhimakumulloh :
Mangertiyo  bileh  sejatine   Allah  Ta’ala  meniko,  sampun  dadosaken dinten  jum’at  meniko , sebagai  dinten  engkang  Agung saha minulyo, sebab  dinten meniko, dinten  engkang   dipun mulya’aken  deneng  Gusti  Allah  Ta’ala,  Sebab  mulyanipun  dinten  jum’at  meniko wonten ngarso  dalem Allah Ta’ala  iku nguluwihi  sangkeng dinten Riyoyo Idul Fitri  lan  dinten Riyoyo Idul ‘Adha, Keronten dinten Jum’at puniko Kawastanan  minongko “Sayyidul Ayyam” (Bendoronipun pinten-pinten dinten).   Punikolah  dinten  jum’at,  lan  punikolah Sak  sae-saenipun  dinten  engkang , eng  sak  lebeitipun   dinten  jum’at  meniko wonten gangsal (5) kedadosan/peristiwa bersejarah  engkang  sampun terjadi  lan  badhe  terjadi  : eng  antawisipun :
 
1. Eng dinten Jum'an meniko, Allah SWT sampun dadosaken (nyipta'aken) Nabiyulloh Adam As, lan dipun dadosaken sebagai pendudukipun Suwargo.

2.Eng  diten  jum’at , Allah Ta’ala  nitahaken dumateng Nabiyullah Adam As, tumurun  wonten   eng  Bumi  (dados Kholifatulloh Fie Al-Ardhi),

3.Nabiyullah  Adam As, dipun Pendhet  deneng Allah Ta’ala (tegese : Wafatipun Nabi  Adam  As )ugi  wonten  eng  saklebetipun  dinten  jum’at.

4.Eng  saklebetipun  dinten jum’at meniko, Allah Ta’ala  sampun pareng setunggalipun wekdal engkang Ijabah, kangge kito Ummat Muhammad Saw,  Supados  ndedungo  nyuwun dumateng Gusti Allah, wonten eng  dinten  jum’at, wiwit ndalunipun dumugi ngantos  sakderenge  surup  opo   srengenge  eng  dinten   jum’at.

5.Lan  ugi  eng  dinten  jum’at, Insya Allah Yaum Al-Qiyamah,  bakal  dumugi  ( bakal  terjadi).  (Sumber : Kitab Tanbighul Ghoofilien Sh.110).

    Ma’asyirol   Muslimin   Rokhimakumulloh :
    Allah  Ta’ala  sampun  Nyampurna’aken   dumeteng  keistimewaanipun  dinten jum’at  meniko , kelawan   dawuh  printahipun  kanggem tiyang-tiyang Muslim supados sami  ninda’aken  kewajiban  arupi  jama’ah  sholat  jum’at, dawuhipun Allah Ta’ala :

    Wallahu “alamu Bimuroddihi : Hey eling-eling  Wong-wong  kang  podo  Iman  kabeh, Nalikane  dikumandangke (adzan  kanggo) ninda’ake  kewajiban  sholat  ono  eng  dino  jum’at, Mongko pado  enggal-enggalo  siro  kabeh (budhal) tumuju  marang  eling  menyang Gusti  Allah  lan tinggal-no kesibukan perdagangan-mu kang mengkunu  mau iku  luweh  becik  (Bagus) kanggone sliramu, lamon Sliramu iku  podo mangerteni” (QS: Al-Jumuah : 09)

    Ma’asyirol   Muslimin   Rokhimakumulloh :
    Eng sengtunggalipun  Riwayat  Shoheh  Muslim, Kanjeng Nabi Sampun Dawuhaken :
    Sinte mawon tiyang  engkang  ninda’aken wudlu  lan mbagusaken   wudlunipun, (tegese : Kiyamba’ipun purun nyampurna’aken rukun lan sunnah-sunnahipun wudlu),  lajeng budhal  kangge  memenuhi  kewajiban  jama’ah  sholat jum’at, lan kiyambak-ipun  mirengaken  isi  sakeng  materi khutbah  engkang  dipun sampaiaken  dengeng  khotib  kelawan   sak  estu-estu (tegesipun :  mboten  tilem, utawi  mboten  sami  ngendikan  lan  gegunjingan), mongko bakal  dipun  tampi  lampahan  Ibadah  jum’atipun, lan   dipun  ngapuro doso-dosonipun  tiyang  wau, kang antarane jum’at ngantos dinten jum’at  nganjengipun  lan dipun  tambahi 3 (tigang)  dinten.                                                       

    Semanten  ugi  kosok  wangsulipun  sintenke mawon  tiyang  engkang  mboten   ninda’aken  perkawis  engkang  mekaten,  mongko  saktemene   kiyamba’ipun   iku  temen    sampun  sami  dolanan, Faqod Laghaw, lan  sinten tiyangipun  engkang  Laghaw, mongko  yekti  temen Ibadah Jum’atipun  mboten  dipun  anggep (tegese  namung  guguraken  kewajiban mawon, anangeng  mboten  mbekto  manfaat  punopo-punopo).  (Hadis  Riwayat  Imam  Muslim)     


    Ma’asyirol   Muslimin   Rokhimakumulloh :
    Sejatosipun  kito  meniko  sampun   dipun pengetaken, kelawan Dawuh Pengendikanipun  Kanjeng  Nabi  Muhammad  Saw,  engkan  saben-saben  Khotib  badhe   Minggah  wonten  Mimbar,  sami  dipun Waos  deneng  Muroqqi : malahan  dipun   waos  kapeng   tiga (AN-SITHU, WA AS-MA’U, WA ATHI U) (Mendelo Siro, Lan Podo Merhate’ke Siro Lan Podo  Patuho Siro),

    Sejatosipun  kalimah  meniko  dipun  maksudaken  sebagai  Pepenget, tumrapipun   sedoyo  jamaah majlis  taklim Rokhimakumulloh,  tanpo   kecuali.  Supados  lampahan Ibadah Jumatipun  saget mbekto  manfaat  lan  saget  pikantuk   ridlo  lan  ganjaran  sakeng   ngarso dalem  Allah Swt.

    Ma’asyirol   Muslimin   Rokhimakumulloh :
    Kangge  Penutup, Kulo  Nukilaken  Setunggalipun Riwayat, Kangge Penyemanget   Kito  anggenipun  Nindak’aken  Ibadah eng dalem dinten jum’at  meniko, Dawuhipun  Kanjeng Nabi Muhammad  Saw :

    ”Ono 17 (Pitulas)  amalan,  kang  biso kanggo   nglebur, marang doso-doso kang wis  kliwat  lan biso  kanggo  nyegah  (marang tumindak  doso ana eng  mongso kang) bakal  teko, salah sijine  sangkeng 17 (Pitulas) amalan mau, yoiku : Moco Surat Al-Fatikhah, Surat Al-Ikhlas, lan Surat Al-Mu’awidzatain (Qul ’A’udzubirobi Al-Falaq  lan  Qul A’udzubirobbi An-Naas),  Saben-saben  surat  mau  dipun Waos kaping  7  (Pitung) Ambalan,  ono  eng  sak   bakdane  Sholat  Jum’at, lan podo  sami  ngakeh-ngakehono  Siro anggone  Moco Sholawat  Marang Ingsun (Nabi), ono  eng wengi  dino  jum’at  lan  ono  eng   awane  dino  jum’at,  Mongko  Sopo wonge  kang  moco  Sholawat  marang  Ingsun  (Nabi), kaping   Sepisan, Mongko Gusti Allah  iku   bakal  mbales  marang  wong  mau, kelawan  sepuluh  tikelan” (HR.Imam Abu dawud).

    Ma’asyirol   Muslimin   Rokhimakumulloh :
    Mekaten engkang  saget dipun aturaken,  mugi-mugi saget mbekto manfaat  dumateng  kito sami, sehinggo kito  saget  ningkataken  kualitas  sangkeng Ibadah kito dumateng Allah Ta’ala, Khususipun Ibadah Jum’at kito,. sehinggo  kito sak mangke saget pikantuk akhir  engkang  sae  KHUSNUL KHOOTIMAH,  Amien Yaa Robbal ‘Alamien.
     
    بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ، وَنَفَعَنِيْ وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ اْلآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ. أَقُوْلُ قَوْلِيْ هَذَا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ الْعَظِيْمَ لِيْ وَلَكُمْ.

    Mukhasabah Tahun Baru

    Tahun  Baru  Hijriyah   Momentum Kangge Mukhasabah
    Soho Peningkatan  Kualitas Iman &  Amal

    اَلْحَمْدُ لِلَّهِ رَبِّ الْعَالَمِيْنَ. وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ، وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ. اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ عَبْدِكَ وَرَسُوْلِكَ، اَلنَّبِيِّ اْلأُمِّيِّ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ أَجْمَعِيْنَ. أَمَّا بَعْدُ؛ فَيَا أَيُّهَا الْمُسْلِمُوْنَ، اِتَّقُوا اللهَ مَا اسْتَطَعْتُمْ، وَاتَّقُوا اللهَ لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُوْنَ. قَالَ اللهُ تَعَالَى فِي الْقُرْآنِ الْكَرِيْمِ،: { يَا أَيُّهاَ الَّذِيْنَ ءَامَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنتُمْ مُّسْلِمُوْنَ
    Ma’asyirol   Muslimin   Rokhimakumulloh :
    Monggo wonten eng kesempatan engkang sae lan mubarok meniko, kito sami   tingkaten roso  taqwa lan iman kito dumateng  Allah Ta’ala, kelawan sak  estu-estu taqwa  lan sak  estu-estu iman dumateng  Gusti  Allah   Swt, kelawan  ninda’aken sedoyo printah-printahipun  lan  berusaha  kangge nilari dumateng sedoyo awisan-awisanipun Gusti Allah Ta’ala, Wonten  pundike  mawon  lan  eng  ndalem kakahanan  punopoke   mawon  “ITTAQILLAHA KHAITSUMMA KUNTA”

    Sebab namung kelawan  keimanan lan  ketaqwaan menikolah, kito  bakal sanggup ngadepi sedoyo  rintangan, hambatan soho tantangan  wonten  eng  zaman  akhir sak meniko, ugi  namung   kelawan  keimanan  lan  ketaqwaan  meniko, kito mbenjang  bakal  pikantuk  kabejan  engkang  ageng  sangkeng Allah Ta’ala  arupi, pikantuk  syafa’at keslametan lan kabejan eng alam akhiratipun.

    Ma’asyirol   Muslimin   Rokhimakumulloh :
    Al-khamdulillah was sukrulillah, tansah kito aturaken dateng ngarso dalem Allah Ta’ala engkang sampun pareng pinten-pinten nikmat dateng sedoyo kawulanipun, bil khusus lan tansah wajib kito sukuri soho kedah kito jagi lan kito ugemi ngantos akhir khayat kito kepanggeh dateng ngarso dalem Allah Ta’ala, Yoiku Nikmatul Islam Wa Nikmatul Iman.
    وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنتُمْ مُّسْلِمُوْنَ   

    Ma'asyirol  Muslimin  Rokhimakumulloh : 
    Dinten jum’at meniko, kito sak mangke sampun mlebet eng wulan Muharrom tahun baru Islam  yoiku tahun 143.....H....Sejalan kelawan duginipun tahun baru islam meniko, berarti yeswo kito ugi nderek dipun tambah, mugi-mugi Allah Ta’ala pareng dateng kito kesempatan yeswo engkang panjang soho manfaat, kelawan tansah pikantuk bimbingan, hidayah, inayah soho pitulunganipun sakeng  ngarso dalem Allah Ta’ala, sehinggo enten eng saben-saben langkah, tingkah, soho ibadah kito meniko dipun ridlo’i  deneng Allah, lan kito saget kalebet dados golonganipun tiyang-tiyang engkang pikantuk keberuntungan fid dieni, wad dunya ilal akhiroh...amin.

    Ma’asyirol   Muslimin   Rokhimakumulloh :
    Peistiwa tahun baru Islam engkang dipun tandai lan dipun wiwiti sangkeng tindak lampahipun baginda Rasulillah Saw, nindak’aken Hijrah sangkeng tanah makkah tumuju  negari madinah meniko, sanes setunggalipun ritual utawi lampahan seremonike mawon.  Sebab wonten eng sak lebetite peristiwa hijrah meniko, wonten pelajaran utawi i’tibar  soho  khikmah engkang  ageng  lan istimewa, engkang   saget dipunpendet  soho dipun implementasi’aken wonten eng saklebetipun kehidupan kito sehari-hari.

    Sebab peristiwa hijrah meniko setunggalipun peristiwa engkang monumental, engkang sampun terbukti  saget mendobrak :

    Sangkeng tradisi  lan budaya Jahiliyah tumuju tradisi lan budaya Islamiyyah wa Ilmiyyah,  sangkeng  masyarakat engkang  biadab  dados  masyarakat engkang  beradab, sangkeng bangsa  engkang  amoral  saget dados  bangsa  engkang  berakhlaqul karimah.

    Hijrah  engkang sampun dipun tindak’aken deneng Rasulullah Saw lan poro sahabatipun, selain gadahi arti pindah sangkeng setunggalipun papan panggenan tumuju papan panggenan sanesipun, ugi gadahi makno filosofi  engkang langkung luas lan mendalam, Inggih  meniko merubah sikap lan tingkah laku, sangkeng kebiasaan engkang mboten sae  lan mboten  sesuai syari’at islam, tumuju sikap  lan  tingkah laku engkang  sae  lan Islami.

    Dawuhipun Nabi Muhammad  Saw : ”Lan kang aran Muhajirin (Tiyang-tiyang engkang sami ninda’aken Hijrah) Yoiku : Tiyang engkang purun nilari dateng sedoyo perkawis engkang sampun dipun larang deneng Allah Ta’ala, Kagem kiyamba’ipun”  (Hadist)

    Milo mekaten peristiwa hijrah meniko saget dados setunggalipun tolok ukur  lan isyarat engkang  jelas tumrapipun kito  tiyang  Muslim, bileh  tiyang engkang  sampun nyata’aken  beriman dateng Allah Ta’ala,  meniko, kedah  sanggup  merubah sikap lan tingkah lakunipun  secara  total  engkang  mboten sesuai  kaliyan   syari’at  islam, dipun rubah tumuju sikap  lan tingkah  laku  engkang langkung sae  lan  islami.  Sebab  keimaman  mboten namung sebatas  ucapan wonteng eng lisan-ke mawon, ananging  ugi   butuh dipun bukti’aken kelawan amaliyah, sebab iman mboten saget   namung  sebatas  setunggalipun angen-angenke-mawon.... ”Iman yoiku percoyo lan yakin ono eng sakjerone ati, lan dipun ucapaken kelawan lisan, selajeng dipun bukti’aken kelawan tindakan (amaliyah)”   (HR.Ibnu Majjah).

    eng riwayat sanesipun dipun sebataken : ”Iman  iku  dudu  ono eng  angen-angen, anangeng iman iku (dadi) suwijine kepercayaan utawi keyakinan kang ono eng sakjerone ati, lan dibukte’ake kelawan perbuatan (amaliyah) ”. (HR Ad-dailamy).

    Ma’asyirol   Muslimin   Rokhimakumulloh :
    Baginda Nabi Muhammad  Saw,  eng  setunggalipun riwayat sampun pareng dawuh, ngengingi uraian  sangkang pembuktian keiamanan kelawan amal perbuatan engkang nyoto :

    Dawuhipun  Beliau : ”Nalikane ngucap sapa kawulo, kulo wedos dateng neraka, anangeng kiyamba’ipun  mboten mandeki (mboten nglereni) sangko pendamelan-pendamelan dosanipun, mongko dewe’e iku temen sampun goroh ono eng sandinge Allah, lan nalikane ngucap sapa kawula : kulo kepengen lan rindu dateng suwargo, anangeng  kiyamba’ipun  mboten  tumindak sesuatupun kanggone  mekoleh  lan tumuju  suwarganipun  Allah, mongko saktemene dewe’e iku temen sampun goroh ono eng sandinge Allah ” (Hadist).

    Ma’asyirol   Muslimin   Rokhimakumulloh :
    Tercatat  katah peistiwa  ageng  eng   sampun terjadi eng  saklebetipun Wulan Muharrom Meniko, eng antawisipun :
    Sangkeng  paparan  peristiwa hijrahipun nabi lan sejarah peristiwa-peristiwa nabi lan ummat-ummat sak derenge  kito, sampun  sak mestinipun menawi kito sebagai ummat  islam, mawas diri lan sejanak merengung, kangge Instrokpeksi (Mukhasabah),  sehinggo kito saget mendhet I’tibar (Pelajaran) engkang berharga, sak perlu kangge ningkataken raos keimanan lan ketaqwaan kito, dateng Allah, selajeng saget  nindak’aken koreksi diri lan berusaha kangge memperbaiki  soho ningkataken kualitas amaliyah kito, wonteng eng tahun meniko.

    Monggo kito pendet i’tibar (Pelajaran) sangkeng Peristiwa-peristiwa bersejarah engkang sampun terjadi sangkeng umat-umat sak derengipun kito, sehinggo ampun ngantos kito meniko dipun dadosaken I’tibar (Pelajaran) kangge generasi sak sampunipun Kito :

    ”Ambillah  Pelajaran Penting dari  Peristiwa-peristiwa Para  Pendahulu-mu, Sehingga Kamu Jangan Sampai Menjadi (atau Dijadikan) Sebagai Bahan Pelajaran Bagi Generasi Sesudah Kamu”

    Ma’asyirol   Muslimin   Rokhimakumulloh :
    Eng wusono mugi-mugi kito saget mendhet manfaat soho I’tibar (Pelajaran) engkang sae, sangkeng  uraian singkat meniko, Mugi-mugi Allah Ta’ala pareng dateng kito kesempatan yeswo engkang panjang soho manfaat, kelawan tansah pikantuk bimbingan, hidayah, inayah soho pitulunganipun sakeng  ngarso dalem Allah Ta’ala, sehinggo enten eng saben-saben langkah, tingkah, soho ibadah kito meniko dipun ridlo’i  deneng Allah, lan kito saget kalebet golonganipun tiyang-tiyang engkang pikantuk keberuntungan fid dieni, wad dunya ilal akhiroh...,  Ugi  saget  pikantuk  akhir engkang sae Khusnul  Khootimah,  amin.

    بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ، وَنَفَعَنِيْ وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ اْلآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ. أَقُوْلُ قَوْلِيْ هَذَا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ الْعَظِيْمَ لِيْ وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ الْمُسْلِمِيْنَ مِنْ كُلِّ ذَنْبٍ. فَاسْتَغْفِرُوْهُ، إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ.

    Kemulyaan Bulan Rojab

    اَلْحَمْدُ لِلَّهِ الْمَحْمُوْدِ عَلَى كُلِّ حَالٍ، اَلْمَوْصُوْفِ بِصِفَاتِ الْجَلاَلِ وَالْكَمَالِ، الْمَعْرُوْفِ بِمَزِيْدِ اْلإِنْعَامِ وَاْلإِفْضَالِ. أَحْمَدُهُ سُبْحَاَنَهُ وَهُوَ الْمَحْمُوْدُ عَلَى كُلِّ حَالٍ. وَأَشْهَدُ أَنَّ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَشَرِيْكَ لَهُ ذُو الْعَظَمَةِ وَالْجَلاَلِ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ وَخَلِيْلُهُ الصَّادِقُ الْمَقَالِ. اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى عَبْدِكَ وَرَسُوْلِكَ مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ خَيْرِ صَحْبٍ وَآلٍ وَسَلِّمْ تَسْلِيْمًا كثيرا. أَمَّا بَعْدُ؛ فَيَا أَيُّهَا النَّاسُ، اِتَّقُوا اللهَ تَعَالَى حَقَّ تُقَاتِهِ، حَيْثُ قَالَ اللهُ تَعَالَى: يَاأَيُّهاَ الَّذِيْنَ ءَامَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنتُمْ مُّسْلِمُوْنَ. 




    Hadirin Rokhimakumulloh :
    Puji Syukur Al-Khamdulillah Was Syukrulillah, Tansah Kito Aturaken Dumeteng Ngarso Dalem Allah Ta’ala, Engkang Sampun Pareng Pinten-pinten Nikmat Dumataeng Kito Sami, Khususipun Nikmat Iman lan Nikmat Islam , engkang Kedah lan Tansah Kito Jagi Soho Kedah  Tansah Kito Ugemi Ngantos Akhir Ajal Kito, Kepanggeh Dateng Ngarso Dalem Allah Ta’ala,Kados Dawuhipun Allah :

    “Wallohu ‘Alamu Bi Muroddihi:  Lan ojo Pisan-pisan Mati Sliramu Kabeh, Angeng Kejobo Yen Tho Sliramu iku Tansah Njogo lan Cecekelan Mareng Agomo Islam”.

    Salah Setunggalipun Perwujudan, Sangkeng Raos Syukur Kito Dumateng Gusti Allah Ta’ala  Yoiku Yen Tho Kito Tansah Ningkataken Keimanan lan Roso Taqwa Kito Duamteng Gusti Allah Ta’ala, Kelawan Sak estu-estu Iman lan Sak Estu-estu Taqwa.

    Ma’asyirol Muslimien  Rokhimakumulloh :
    Sak Mangke Kito Sampun Mlebet Wonten eng Wulan Utawi Sasi Rojab,Tepatipun Sampun Mlebet eng Tanggal....Rojab 143.....H, Wulan Rojab Meniko termasuk salah Setunggalipun Wulan engkang Minulyo lan Tansah Dipun Mulya’aken Deneng Gusti Allah Ta’ala lan sedoyo Ummat Muhammad Saw, Sebab Wulan Rojab Meniko, Saget dipun Wastani (dinamai) Kelawan Asmo Wulanipun Kangge Tandur (Utawi Kangge Ninda’aken) Amal-amal Kesaenan, Kadosto : Ngatah-ngatahaken Maos Surat Al-Ikhlas, Ngatah-ngatahaken Maos Sholawat dateng Rosululloh, Ngatah-ngatahaken Maos Istighfar, nindak aken shodaqoh, infaq lan Ninda’aken Syiam Sunnah Senajyan Namung Setunggal Dinten,Namung Setunggal dintenng Rosukl-Ikhlas, Ngatah-ngatahaken Maos Sholawat dateng Rosuklulloha'anggal 8 Rojab 1429 H, r Ajal Kito lan amal kesaenan Sanes-sanesipun.

    Ma’asyirol Muslimien Rokhimakumulloh : 
    Baginda Rosulillah saw Sampun dawuhaken : "Saktemene Wulan Rojab iku Wulanipun Gusti Allah,lan Wulan Sya’ban iku Wulanipun Ingsun (Rosul), lan Wulan  Romadhon iku Wulanipun Kanggo Ummatku”

    Wonten  Eng ndalem  Wulan Rojab Meniko Katah Sanget Keistimewaan-keistimewaanipun Ugo Katah Sanget Manfaat engkang Saget Kito Pendet lan Kito Saget Kito Pekoleh.

    Dipun Riwayataken eng Ndalem Pinten-pinten Riwayat,  Bileh Keistimewaan-keistimewaan Wonten eng Saklebetipun Wulan Rojab Meniko  Antawispun, Inggih Meniko, engkang sampun dipun ceritak'aken wonten eng setunggalipun riwayat engkang artosipun kirang langkung mekaten : “Utawi Bengawan Mau iku dipun Khususaken Keduwe Tiyang-tiyang engkang Tansah Purun Maos Sholawat Dateng Sliramu Muhammad”

    eng riwayat sanesipun ugi dipun dawuhaken deneng Baginda Kanjeng Nabi Muhammad Saw :“Mongko Saktemene Dewe’e iku Bakal Biso Ngrasa’ake Ketenangan Jiwanipun, lan Dewe’e iku Ora Bakal Ngrasa’ake Luwe lan Ngelak babar Pisan Ono Eng Dino Qiyamah ”

    Ma’asyirol Muslimien  Rokhimakumulloh :
    Milo Mekaten Monggolah Kito Sami, Mendet Manfaat, lan Saget Memanfaataken Datengipun Wulan Rojab Saat Meniko, Yoiku Kelawan Berusaha Kangge Ningkateken Anggenipun Ninda’aken Amal-amal Sholeh Sesuai Kemampuan lan Sesuai Kaliyan Peran soho Fungsi Kito Masing-masing, Sehinggo Kito saget Mekoleh Keberkahanipun Wulan Rojab Meniko, lan Saget Mekoleh Kabejan Fieddin Waddunya ilal Akhiroh, Amin Yaa Robbal ‘Alamien.  

    Ampun Ngantos Wulan rojab Meniko Berlalu utawi Kliwat Kelawan tanpo Kito Saget  Mekoleh Manfaat Punopo-punopo sangkeng Berkah lan Keistimewaanipun Wulan Rojab Meniko, Naudzubillah Tsumma Naudzubillah

    Ma’asyirol Muslimien Rokhimakumulloh : 
    Mekaten uraian singkat engkang saget kawulo aturaken, Mugi-mugi Kito Saget Mekoleh Manfaat lan Saget Mendhet Manfaatipun Sangkeng Uraian Meniko, Eng Wusono Mugi-mugi Kito Tansah Pinaringan Hidayah, Taufiq Soho inayahipun Sangkeng Gusti Allah ta’ala, Sehinggo Kito Saget Tansah Netepi Iman lan Islam, Sarto Pikanthuk Akhir Engkang Sae, Khusnul Khotimah Allohumma, Amin Yaa Robbal ‘Alamien.