Rabu, 19 Januari 2011

Ambillah I’TIBAR (Pelajaran) Sejarah Kehidupan

Ambillah  I’TIBAR  (Pelajaran) Sejarah Kehidupan

اَلْحَمْدُ لِلَّهِ رَبِّ الْعَالَمِيْنَ. وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ، وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ. اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ عَبْدِكَ وَرَسُوْلِكَ، اَلنَّبِيِّ اْلأُمِّيِّ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ أَجْمَعِيْنَ. أَمَّا بَعْدُ؛  فَيَا أَيُّهَا الْمُسْلِمُوْنَ، اِتَّقُوا اللهَ مَا اسْتَطَعْتُمْ، وَاتَّقُوا اللهَ لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُوْنَ.                                                                        

Ma’asyirol   Muslimin   Rokhimakumulloh :
Wonten eng kesempatan engkang sae lan eng Mimbar Khutbah Jum’at wonten Masjid.................engkang  Mubarok meniko, Kawulo badhe ngajak dumateng awak kawulo kiyambak khususipun lan dumateng sedoyo Jama’ah Jum’ah Rokhimakumulloh, Monggo  kito sami berusaha ningkataken roso iman lan taqwa kito dumateng Allah SWT, Kelawan sak  estu-estu Iman  lan sak estu-estu Taqwa dateng Allah Swt, Yoiku: Kelawan berusaha ninda’aken sedoyo printah-printahipun lan tansah berusaha nilari sedoyo awisan-awisanipun Allah Ta’ala, Wonten  pundike  mawon lan eng  ndalem  kakahanan  punopoke  mawon” .(ITTAQILLAHA  KHAETSUMMA  KUNTA).


Ma’asyirol   Muslimin   Rokhimakumulloh :
Allah Swt, sampun nyipta’aken beraneka macem makhluk hidup engkang sami gesang lan menghuni eng alam dunyo meniko, termasuk kito manungso, sampun dipun cipta’aken deneng Allah Swt, mawi macem-macemipun ras, suku, golongan, bahasa lan budayanipun, anangeng  sedoyo meniko, tujuanipun supados  saget saleng  mengenal lan hidup rukun berdampingan, sebab saktemene engkang paleng Mulyo wonten eng sandingipun Gusti Allah, yoiku engkang paleng Bertaqwa eng antarane sliramu kabeh. 
Kados Dawuhipun Allah Ta’ala eng Al-Qur’an  Al-Kariem :

Wallohu ’Alamu Bi Muroddihi, ”Hey  eling-eling  Poro Menungso, Sak temene Ingsun (Allah) iku temen Sampun Nyipta’aken Marang Sliramu Kabeh, Sangkeng Jenis  Prio  lan Jenis Wanito  lan Ingsun (Allah) Dade’ake Tumrape Sliramu Kabeh iku Bersuku-suku  lan  Berbongso-bongso, Kabeh Kuwi Mau (Tujuane Yoiku) Supoyo Sliramu iku podo Saling Mengenal, Kerono  Saktemene Wong-wong Kang Paling Mulyo ono eng Ngarsanipun Allah Ta’ala, Yoiku Wong-wong engkang  paling  Bertaqwa  eng antarane Sliramu, Saktemene  Gusti Allah iku Dzat Kang Moho Mangerteni  lan  Moho Waspodo” (Al-Hujurat : 13) 

Ma’asyirol   Muslimin   Rokhimakumulloh :
Dawuhipun  Allah Swt meniko, sampun jelasaken dumateng kito sami, bileh  sejatinipun perbedaan-per bedaan engkang  wonten eng sak lebetipun pribadi kito masing-masing meniko, merupakan Sunnatulloh, ananging sedoyo perbedaan eng wonten meniko, bertujuan supados  kito sami saling mengenal, saling melengkapi lan  saleng  membutuhaken.

Agami Islam sampun nyari’ataken dumateng Ummatipun, supodos tansah njagi persaudaraan, kerukunan lan persatuan  dumateng sintenke mawon tanpo mbeda’aken ras, suku, agama, golongan, bahasa, lan budayanipun.

Sehinggo ampun ngantos, wonten eng antarane kito meniko rumaos bileh kiyambak’ipun meniko langkung mulyo lan langkung inggil dibandingaken sanesipun Kadostoto :
  •  Amargo  sebab Keturunan Tokoh terpandang, tokoh paling dihormati, dlsb. 
  • Amargo  sebab  Bando Kekayaanipun  utawi
  • Amargo  sebab  katah  Ilmunipun,  utawi
  • Amargo  sebab  inggil  Pangkat, Jabatan  lan  Kedudukanipun,

Sehinggo amargo gadahi  salah setunggal, sangkeng 4 (sekawan) Kebanggaan kolo wau, terkadang  wonten engkang  ngantos  mboten purun bersosialisasi (mengenal) kaliyan masyarakat  utawi kaliyan  lingkunganipun
  
Eng Al-Qur’an Al-Karim  Allah Ta’ala dawuhaken   :

”Saben-saben Golongan iku podo Rumongso Bangga (lan Mbangga-mbangga’ake), Marang apa-apa kang ono eng  golongan mau” (Ar-Rum 32)


Tegesipun: ”Saben-saben kito meniko terkadang takseh wonten engkang mbangga’-mbangga’aken, dateng sesuatu engkang kito miliki, ono kalane Kedudukan, Jabatan, Ilmu, Bondo Kekayaan, Keturunan  lan  sanes-sanesipun”


Perkawis meniko sejatosipun wajar soho manusiawi, Anangeng perlu dipun perhatosaken, bileh kebanggaan dumateng sedoyo perkawis-perkawis engkang bongso dunyawiyah meniko, ampun ngantos medal sangkeng bingkai  Kemaslakhatan Ummat lan Ampun Ngantos  Melenceng  Sangkeng Syariat Agami, Sebab Allah Ta’ala Sampun Pareng Syari’at, supados kito nebihi lan nilari sifat mbangga-mbangga’aken (Sombong lan Takabbur) kapanpun lan dumateng sintenke mawon langkung-langkung sombong dateng Allah Swt.

Dawuhipun Allah Ta’ala : 9 : ”Lan Ojo Pisan-pisan Sliramu iku  Mengo (Mlengosake Wajah Iro)  Nalikane  Sliramu  iku  Ketemu Marang Sepadane  Menungso  lan  Ojo  Pisan-pisan  Mlaku Sliramu Ono Eng Bumi iki Kelawan Roso Sombong, Kerono Saktemene Gusti Allah iku Mboten Dumateng Tiyang-tiyang Engkang  Sombong  lan  Tansah Mbangga’-mbangga’ake  Awak’e”  (Luqman : 18).


Ma’asyirol   Muslimin   Rokhimakumulloh :
Sejarah sampun mbukti’aken, katah tiyang ingkang hancur, lan mboten sekedik negari engkang runtuh, sangkeng kejayaanipun, sedoyo kolo wau sabab-musababipun mergo kesombongan & Amergo tansah mbangga’-mbangga’aken keunggulan  lan  Kemulyaanipun, Padahal Allah Ta’ala eng Al-Qur’anul Kariem sampun pareng Pelajaran (utawi Contoh).

Dipun crita’aken bileh Allah Swt sampun Ngusir Iblis La’natulloh ’Alaihi, sangkeng (Jannatun Naim) Suwargonipun Allah, hal meniko dipun sebab-aken mboten  Amargo Iblis meniko, Kufur (utawi Mboten Iman) dateng Allah Ta’ala, Anangeng mergo Iblis Nyombongaken  keunggulan lan kemulyaanipun wonten ngarso dalem Allah Ta’ala,  Sehinggo Mboten Purun Sujud (Tanda Hormat) dateng Nabiyulloh Adam ’Alaihissalam, Dawuh Printahipun Allah Swt, eng Al-Qur’an dipun Crita’aken dialogipun Allah  kaliyan  Iblis La’natulloh ’Alaihi :
 
”Dawuh  sopo Alloh Ta’ala: (Marang Iblis) Opo kang wis Ngalangi Marang Sliramu Kanggo Sujud (tondo hormat Marang  Nabi Adam As) Nalikane Ingsun (Allah) Printah Marang  Sliramu?,


”......Jawabipun Iblis: Ingsun Luweh Mulyo (Katimbang Adam), Panjenengan Nyipta’ aken Marang Ingsun Sangkeng Geni, Anangeng  Adam Panjenengan  Cipta’aken Mawi Tanah Liyat”  (QS Al-’Arof :12)

Mireng Jawab-ipun Iblis engkang Mekaten, Lajeng Allah Ta’ala Dawuhaken Marang Iblis  La’natullohi ’Alaihi:

”Allah Ta’ala Dawuhaken: Meduno  Sliramu (Hey Iblis)Songko  Iku   Suwargo, Kerono Sliramu Iku Ora Pantes Kanggo Nyombongake (Awak Iro) Ono eng sak Jerone Iku Suwargo, Mongko Enggal-enggal Metuwo Siro Sangkeng Suwargone (Ingsun), Saktemene Sliramu Iku Termasuk Golongane Wong-wong  kang Ino”. (QS Al-’Arof :13)

Ma’asyirol   Muslimin   Rokhimakumulloh :
Kesombongan soho Tansah Mbangga’-mbangga’aken Kelebihan, Kemulyaan,Pangkat soho Jabatanpun, meniko engkang saget ndadosaken sabab-musaba-ipun kehancuran lan risak’ipun ummat-ummat sak derengipun kito, Keranten mekaten, monggolah kito pendet i’tibar (Pelajaran) sangkeng Peristiwa-peristiwa bersejarah engkang sampun terjadi sangkeng umat-umat sak derengipun kito, sehinggo ampun ngantos kito meniko malahan dipun dadosaken I’tibar (Pelajaran) kangge generasi sak sampunipun Kito :


Ma’asyirol   Muslimin   Rokhimakumulloh :
Sebagai Penutup Monggo Kito Renungaken Setunggalipun Riwayat Sangkeng Sahabat Abdullah Ibnu Masy’ud R.A : Mugi-mugi  saget  dados (I’Tibar)  Pelajaran Tumrap Kito Sami :”Katah tiyang engkang Ketungkul (terbuai) Mergo Kesenengan (kenikmatan Dunyawiyah) # lan Katah Tiyang engkang (Sampun) Kesasar (Tersesat) Mergo Sanjungan (lan Pengalem) # lan Katah Tiyang engkang Tertipu (terpedaya) Mergo Keangkuhanipun (Tegese: Mbanggak’aken Marang awak Dewene)”.


Ma’asyirol   Muslimin   Rokhimakumulloh :
Mekaten  khutbah  engkang saget dipun aturaken,  mugi-mugi saget mbekto manfaat  dumateng  kito sami, sehinggo kito  saget  dados  Abdulloh  engkang  Mboten  Sombong  soho Tansah  Tawadlu’   dateng sintenke  Mawon, Ngantos Akhir Khayat Kito, Hinggo kito sak mangke saget kepanggeh dateng Allah Ta’ala pikantuk akhir engkang sae KHUSNUL KHOOTIMAH,  Amien Yaa Robbal ‘Alamien.

 
بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ، وَنَفَعَنِيْ وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ اْلآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ. أَقُوْلُ قَوْلِيْ هَذَا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ الْعَظِيْمَ لِيْ وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ الْمُسْلِمِيْنَ مِنْ كُلِّ ذَنْبٍ. فَاسْتَغْفِرُوْهُ، إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar