TAQWA KEPADA ALLAH SWT
اَلْحَمْدُ لِلَّهِ الَّذِيْ هَدَانَا لِهَذَا وَمَا كُنَّا لِنَهْتَدِيَ لَوْ لاَ أَنْ هَدَانَا اللهُ. أَشْهَدُ أَنَّ لاَ إِلَهَ إِلاَّ الله وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ. وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ. اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ. أَمَّا بَعْدُ؛ فَيَا أَيُّهَا الْمُؤْمِنُوْنَ، اِتَّقُوا اللهَ تَعَالَى حَقَّ تُقَاتِهِقَالَ تَعَالَى: يَا أَيُّهاَ الَّذِيْنَ ءَامَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنتُمْ مُّسْلِمُوْنَ. قَالَ تَعَالَى: {وَمَن يَتَّقِ اللهَ يَجْعَل لَّهُ مَخْرَجًا} وَقَالَ: {وَمَن يَتَّقِ اللهَ يُكَفِّرْ عَنْهُ سَيِّئَاتِهِ وَيُعْظِمْ لَهُ أَجْرًا}
Ma’asyirol Muslimin Rokhimakumulloh :
Monggo wonten eng kesempatan engkang sae lan mubarok meniko, kito sami tingkaten roso taqwa lan iman kito dumateng Allah Ta’ala, kelawan sak estu-estu taqwa lan sak estu-estu iman dumateng Gusti Allah Swt, kelawan ninda’aken sedoyo printah-printahipun lan berusaha kangge nilari dumateng sedoyo awisan-awisanipun Gusti Allah Ta’ala, Wonten pundike mawon lan eng ndalem kakahanan punopoke mawon “ITTAQILLAHA KHAITSUMMA KUNTA”
Sebab namung kelawan keimanan lan ketaqwaan menikolah, kito bakal sanggup ngadepi sedoyo rintangan, hambatan soho tantangan wonten eng zaman akhir sak meniko, ugi namung kelawan keimanan lan ketaqwaan meniko, kito mbenjang bakal pikantuk kabejan engkang ageng sangkeng Allah Ta’ala arupi, pikantuk syafa’at keslametan lan kabejan eng alam akhiratipun.
Dawuhipun Allah Ta’ala : Wallohu 'alamu bi muroddihi.....“Seng Sopo Wonge kang gelem Taqwa Marang Gusti Allah Ta’ala, Mongko Temtu Allah Ta’ala iku bakal pareng jalan keluar (sangkeng sekabehane kerupekane) kanggone dewe’e, lan bakal dipun paringi rizqi (deneng gusti Allah) sangkeng arah dalan kang mboten dipun songko-songko” (QS : At-Thalaq 2-3)
Ma’asyirol Muslimin Rokhimakumulloh :
Mongko podo mangertiyo bileh saktemene Taqwa iku mboten saget sampurno kejawi namung kelawan ngosongaken manah sangkeng sedoyo perkawis engkang remeh lan ino, sarto kelawan maes-maesi jiwo kelawan sedoyo macemipun sifat-sifat keutamaan, Kados dawuhipun Kanjeng Nabi Saw :
“Ora Bakal Tutuk Sampurno opo Ketaqwaane Kawulo, Sehinggo Dewe’e iku gelem ninggalake Perkoro-perkoro kang ora opo-opo (tegese :Mubah Hukume) tetapi (perkoro-perkoro mau) mengko eng mburine iku biso nyebabake terjadine opo-opo” (HR.Ibnu Majjah)
Taqwa iku sejatine dados dalanipu tiyang-tiyang engkang tansah kepengen mekoleh pituduh sangkeng gusti kang moho wigati (Allah Swt), Sehinggo sinten tiyangipun engkang purun lumampah dumateng dalanipun menuju ketaqwaan, mongko yekti temen tiyang kolo wau iku bakal pikantuk kabejan Fiddaroin.
Sebab buahipun sangkeng ketaqwaan wonten kaleh, inggih meniko, bakal mekoleh As-Sa’adah Fiddaroeni (Kebejan wonten eng kehidupan donyo lan kehidupan eng akhirat), bakal pikantuk kabejan lan bakal mekoleh kamulyan wonten eng kehidupan dunyo lan akhiratipun :
- Anapun eng ndunyonipun kiyamba’ipun meniko inggil pangkatipun, sae sebatanipun lan mekoleh Mawaddah (welas asih) sakeng poro menungso, kerono saktemene tiyang engkang taqwa meniko tansah dipun mulya’aken deneng tiyang-tiyang alit, lan dipun hormati deneng tiyang-tiyang ageng, sedoyo meniko dipun sebabaken keranten kesaenanipun amaliyahipun lan kebagusan akhlaqipun si-Muttaqien.
- Anapun eng akhiratipun, kiyamba’ipun badhe selamet sangkeng sikso geni neroko, lan pikantuk keluhuran saget mlebet dumateng suwarga nipun Gusti Allah Ta’ala.
Lan cukuplah (opo) kemulyaanipun tiyang-tiyang engkang purun taqwa dumateng Gusti Allah Ta’ala kelawan sak estu-estu ninda’aken Taqwa, (KHAQQO TAQWA) sebab saktemenipun Gusti Allah Ta’ala Sampun dawuhaken : Wallohu 'alamu bi muroddihi..“Saktemene Gusti Allah iku tansah nglindungi lan parek, dumateng tiyang-tiyang engkang purun Taqwa lan ninda’aken amal sholeh”.(QS : An-Nahl : 128).
Anapun sebab-sebaipun kito meniko saget menuju ketaqwaan dumateng Gusti Allah Ta’ala, meniko katah sanget, ten Kitab Taisirul Kholaq dipun sebataken eng antawisipun inggih meniko :
- Kelawan Nyawang Marang Awak’e dewe (Makhasabatun An-Nafsy), yen sejatine kito meniko namung dados salah setunggalipun sangkeng pinten-pinten makhluqipun Gusti Allah Swt, engkang apes utawi lemah, lan sejatine Gusti Allah Ta’ala meniko Dzat engkang Moho Qiyat lan Moho Prakoso, mongko temtu mboten prayugi menawi makhluq engkang lemah utawi apes meniko badhe tumindak maksiat utawi mbalelo, dumateng Dzat engkang Qiyat lan Prakoso, Sebab sejatine nasib kiyamba’ipun wonten eng kekuasaanipun Dzat kang Moho Qiyat lan Moho Prakoso kolo wau.
- Tansah Ngenget-ngenget (eling) Dumateng Sedoyo Kesaenan-kesaenan ipun Gusti Allah Ta’ala, Marang Kito semi, eng ndalem sekabehane tingkah, mongko temtu mboten prayugi menawi kito meniko sampun mangertosi sedoyo kesaenan-kesaenanipun Allah Ta’ala dumateng kito arupi pepareng nikmat-nikmat, selajengipun kito meniko nyacat lan mboten syukur dumateng nikmat-nikmat wau.
- Tansah ngengeti dumateng Datengipun Pati (Titi Wancinipun Ajal kito), keranten sejatosipun tiyang engkang purun mangertosi bileh saktemenipun pati (ajal meniko) meniko termasuk perkawis kang haq lan mesti bakal tekanipun, (sedoyo makhluq engkang gesang eng alam dunyo meniko mesti bakal katekanan pati utawi ajalipun) lan eng mongko mboten wonten pilihan ono eng sak lajengipun kematian menuso kejawi namung badhe mlebet eng suwago punopo badhe mlebet dateng neroko, temtu hal meniko dados pemacu kito kangge ngatah-ngatahaken tumindak amal kesaenan (KHASBAL ISTITO’ATI) kelawan sak kadar mampunipun, lan temtunipun mboten prayugi menawi kito meniko mboten nyiapaken bekal kangge gesang kito eng akhiratipun.
Ma’asyirol Muslimin Rokhimakumulloh :
Eng wusono mugi-mugi kito saget mendhet manfaat soho I’tibar (Pelajaran) engkang sae, sangkeng uraian meniko, kangge penutup kawulo nukilaken setunggalipun Riwayat, mugi-mugi saget kangge nasehat tumerapipun kito sami : Dawuhipun Baginda Nabi Muhammad Saw : “Podo Taqwaho Siro Kabeh Marang Gusti Allah Ta’ala, lan podo Ninda’no Sliramu, Marang Kewajiban Sholat 5 (Limang ) Wektu-mu, lan podo ninda’no kewajiban poso iro, ono eng wulan iro (tegese : Wulan Ramadhan), lan podo mbayaro (tegese podo ngeto’no) zakat iro, eng sekabehane banda-dunyo iro (kang wis kewajiban dizakati), lan podo to’ato sliramu marang pemimpin-pemimpin iro, (Yen sliramu iku mengkono), Mongko temen sliramu iku bakal mlebu sopo iro kabeh, mlebu marang suwargane pengeran-mu”. (HR Tirmidzi)
Ma’asyirol Muslimin Rokhimakumulloh :
Mekaten engkang saget dipun aturaken, mugi-mugi saget manfaati dumateng kito sami, sehinggo kito saget dodos tiyang-tiyang Mukmin engkang Ikhsan soho Muttaqien , sehinggo kito sak mangke saget pikantuk akhir engkang sae KHUSNUL KHOOTIMAH, Amien Yaa Robbal ‘Alamien.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar