Rabu, 22 Desember 2010

Proposional dalam Beribadah

PROPOSIONAL dalam BERIBADAH
 Oleh : Rizmy Blog@gmail.com

إِنَّ الْحَمْدَ لِلَّهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهْ وَنَعُوذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَمِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا، مَنْ يَهْدِهِ اللهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِيَ لَهُ. أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ . اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ وَمَنِ اهْتَدَى بِهُدَاهُ إِلَى يَوْمِ الْقِيَامَةِ.. قَالَ تَعَالَى: يَا أَيُّهاَ الَّذِيْنَ ءَامَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنتُمْ مُّسْلِمُوْنَ


Ma’asyirol Muslimin Rokhimakumulloh :
Wonten  eng  kesempatan  engkang  sae  lan  mubarok  meniko, kawulo  badhe ngajak (Pareng wasiat) dateng awak kulo  piyambak  khususipun lan dumateng Jama’ah Rakhimakumulloh, monggo kito berusaha kangge ningkataken keimanan   lan  ketaqwaan   kito dateng Allah Swt,  yoiku : “Kelawan tansah berusaha nindaaken  dateng  sedoyo Printah-printahipun Allah Ta’ala, lan berusaha nebihi soho nilari  sangkeng  sedoyo awisan-awisanipun Allah Ta’ala!,  Wonten eng  pundike  mawon  lan  eng  ndalem  kakhanan  punopoke  mawon”    “ITTAQILLAHA  KHAITSUMMA  KUNTA” 

  قَالَ تَعَالَى: يَا أَيُّهاَ الَّذِيْنَ ءَامَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنتُمْ مُّسْلِمُوْنَ

Sebab namung mawi keimanan lan ketaqwaan kito dumateng Allah Ta’ala menikolah, kito bakal pikantuk kabejan wonten  eng alam dunyonipun, lan mbenjang eng akhirat kito bakal mekoleh keslametan  lan kamulyan sangkeng  Rohmatipun Allah Swt.

Ma’asyirol Muslimin Rokhimakumulloh :
Sampun dados kewajiban kito sami sebagai Ummat Islam lan sebagai tiyang engkang sami Iman dateng Allah Swt,  kangge  nindak’aken  amal sholeh  utawi nindak’aken  kesaenan dateng sintenke mawon lan eng dalem kakhanan punopoke mawon. 

Sedoyo meniko sebagai wujud bekti lan keta’atan  kito dateng ngarso dalem Allah Swt, ananeng Allah Swt eng dalem pareng printah dateng Kawulanipun meniko, temtu sampun mawi ukuran (utawi sampun dipun ukur sesuai kaliyan kadar kemampuanipun tumrap saben-saben kawulanipun), Sehinggo Allah Swt, anggenipun pareng perintah meniko, temtunipun  mboten ngarepaken ndamel susah, ndamel rupek lan ndamel rekaos dateng sedoyo kawulanipun.

Syari’at agami dipun turunaken deneng Allah Swt lewat Rasulipun meniko gadahi maksud lan tujuan supados dados tuntunan lan saget dados aturan tumrap sedoyo Ummat, supados saget ndadosaken gampil lan kepenak, anggenipun nindak’aken Khablum Minan Naas lan Khablum Minallohi.



”Wallohu ‘Alamu Bi Muroddihi…….,Temen ngarepake sopo Allah Ta’ala, marang  sekabehane urusan  iro, eng  gawe gampang, lan  saktemene ora  ngarepake (sopo Allah Ta’ala)  marang  sekabehane  urusan  iro, eng gawe kesusahan (kerupekan utowo arep  mberatake marang  sliramu)”
(QS : Albaqoroh : 02 : 185).

Baginda Rasul Muhammad Saw, ugi sampun dawuhaken :  “Wajib engatase sliramu kelawan setunggalipun amal (amal Sholeh)  kang sekirane sliramu iku mampu anggonmu nindak’ake marang iku amal, lan ono opo iku amal  (iku) luweh dicintai eng ndalem syari’at agami yoiku sijine amal engkang tansah saget dipun tindak’aken kelawan dawan (istiqomah/langgeng/kontinue), senajyan amal  (kolo wau iku setitik utawi ketingale sepele)”.

Ma’asyirol Muslimin Rokhimakumulloh :
Setunggalipun amal ibadah (amal sholeh), punopoke mawon wujud lan lampahanipun, engkang sae lan engkang dipun cintai eng ndalem agami inggih meniko, engkang  istiqomah utawi engkang langgeng (dawam) senajyan amal ibadah engkang kito  lampahi meniko namung sekedik soho ketingalipun remeh, sebab engkang langkung penting lan langkung utami inggih meniko anggenipun kito dawamaken dateng amal kolo wau.

Ampun ngantos kito berlebih-lebihan eng ndalem nindak’aken amal ibadah (amal sholeh) baik engkang wajib nopo eng engkang sunnah, nopo maleh ngantos ngorbanaken hak-hakipun badan kito, ngorbanaken dateng hak-hakipun keluargo kito, lan sanesipun.
Sebab mangertiyo bileh sejatine saben-saben kito gadahi kewajiban supados memenuhi (utawi supados marengaken) marang saben-saben hak engkang sampun dipun tentu’aken deneng syari’at agami, menawi mboten berarti kito sampun tumindak dzolim dateng awak kito piyambak.

Dawuhipun Baginda Nabi Muhammad Saw :  “Saktemene keduwe pengeranmu, engatase sliramu iku duweni hak, (kang kudu tok penuhi), lan sak mestine keduwe awakmu (badanmu) iku engatase sliramu yo duweni hak (kang kudu tok penuhi), lan iku keduwe keluargomu iku engatase sliramu yo duweni hak (kang kudu tok penuhi), kerono iku, mongko wajib engatase sliramu opo yentho memenuhi marang saben-saben kang nduweni hak-hak mau, sesuai Proporsine”  (HR.Imam Buhori).

Dados wonten kalanipun, kito memenuhi hak-hakipun awak kito, kadosto dahar, ngunjuk, istirahat, sesuci, refreshing lan sak piturute, ugi engten saatipun kito meniko kedah memenuhi hak-hakipun keluargo kito, kadosto memenuhi kebutuhan saben dintenipun, wiwit sangkeng sandang, pangan lan papan, ugi wonten wekdal (saatipun) kito meniko ibadah (ngabekti) dateng Allah Swt, mawi sholat, dzikir, I’tikaf, do’a, lan sak pinunggalipun. (dsb).
Eng ndalem pinten-pinten riwayat Rasulullah Saw  sampun dawuh :  “Hiburlah hatimu pada saat-saat tertentu” (HR.Abu Dawud).

eng dalem riwayat sanes Beliau ugi sampun dawuhaken :    ”Kadang kolo guyonano sliramu kabeh (guyon waton = sendagurau engkang bermanfaat), lan kadang kolo dolanano sliramu kabeh (engkang saget menghibur ati), mongko sak temene ingsun (Nabi) iku mboten remen (geting) sopo ingsun, eng yentho ono (opo iku eng ndalem) nindak’ake syari’at agamomu (opo) kekerasan (kekakuan lan mboten luwes)”  (HR Baihaqi)

Ma’asyirol Muslimin Rokhimakumulloh :
Sangkeng keterangan khutbah meniko, sagte kito pendet kesimpulan eng antawispun :

1. Bileh, sejatinipun syariat agami islam meniko tujuanipun supados gampilaken dateng ummat anggenipun nindak’aken hablum minannas wa khablum minalloh. Sesuai dawuh pematuripun Allah Ta’ala eng surat Al-baqoroh 185 (ten nginggil).

2.Bileh sedoyo lampahan amal ibadah (amal sholeh) baik engkang wajib nopo eng engkang sunnah, punopoke mawon bentuk lan lampahanipun, engkang langkung utomo lan engkang langkung penting inggih meniko dawamaken utawi istiqomahipun ,sanes jumlah utawi katahipun amal.

3.Bileh saben-saben kito supados nindak’aken utawi memenuhi dateng 3 (tigang) hak engkang sampun dados kewajibanipun kito, wonten saben-saben dintenipun, yoiku : kedah memenuhi hak-hakipun sangkeng badan utawi jiwo kito kiyambak, selajeng kedah memenuhi hak-hakipun keluargo, lan kedah memenuhi hak-hakipun Allah Swt, menawi  mboten terpenuhi salah satunggipun sangkang hak-hak kolo wau, iku berarti kito meniko sampun dados tiyang engkang Dzolim.

Ma’asyirol Muslimin Rokhimakumulloh :

Mekaten engkang saget kawulo aturaken mugi-mugi manfaat tumrap kito sami, sehinggo kito saget  mendet  I’tibar  sangkeng uraian meniko, sebagi penutup kawulo nukilaken setunggalipun riwayat mugi-mugi saget dados perenungan kito sami :

MAN YUKHIBBUS SHOOLIKHINA WALAYA'MAL 'AMALAHUM, WAMAN YUBGHODZU DZOLIMINA FAHUWA MINHUM AW FAHUWA AHADUHUM.... 

“Janganlah kita menjadi orang yang (katanya) cinta kepada orang-orang yang sholeh akan tetapi kita enggan meniru amal dan perbuatan yang mereka kerjakan dan kitapun juga mengatakan bahwa kita ini (katanya) benci terhadap orang-orang yang telah berbuat Dzolim), akan tetapi ironisnya (entah kita sadari atau tidak), ternyata kita telah menjadi bagian dari orang-orang yang telah berbuat dzolim itu”.


بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ، وَنَفَعَنِيْ وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ اْلآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ. أَقُوْلُ قَوْلِيْ هَذَا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ الْعَظِيْمَ لِيْ وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ الْمُسْلِمِيْنَ مِنْ كُلِّ ذَنْبٍ. فَاسْتَغْفِرُوْهُ، إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar