Sabtu, 18 Desember 2010

JADILAH SEORANG MUSLIM YANG CERDAS

Jadilah muslim yang cerdas
Oleh rizmyblog
إِنَّ الْحَمْدَ لِلَّه ِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهْ وَنَعُوذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَمِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا، مَنْ يَهْدِ اللهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِيَ لَهُ. أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ الله وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ. اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ وَمَنِ اهْتَدَى بِهُدَاهُ إِلَى يَوْمِ الْقِيَامَةِ  قَالَ تَعَالَى  يَا أَيُّهاَ الَّذِيْنَ ءَامَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنتُمْ مُّسْلِمُوْنَ. قَالَ تَعَالَى  {وَمَن يَتَّقِ اللهَ يَجْعَل لَّهُ مَخْرَجًا}  وَقَالَ: {وَمَن يَتَّقِ اللهَ يُكَفِّرْ عَنْهُ سَيِّئَاتِهِ وَيُعْظِمْ لَهُ أَجْرًا}    أَمَّابَعْدُ؛  مَعَاشِرَ الْمُسْلِمِيْنَ   اِتَّقُوا اللهَ وَاعْلَمُوْا أَنَّ اللهَ مَعَ الْمُتَّقِيْنَ  يُصْلِحْ لَكُمْ أَعْمَالَكُم  وَيَغْفِرْ لَكُمْ ذُنُوْبَكُمْ  وَمَنْ يُطِعِ اللهَ وَرَسُوْلَهُ فَقَدْ فَازَ فَوْزًا عَظِيْمًا.

Ma’asyirol   Muslimien  Rohimakumullah
Monggo  kita  tansah  berusaha  kangge  ningkataken  roso  taqwa kito dumateng Allah SWT kelawan sk etu-setu Taqwa, yaiku “Kelawan  berusaha kangge nindaaken dumateng sedoyo Perintah-perintahipun Allah Ta`ala  lan Berusaha kangge nilari dumateng sedoyo Awisan-awisanipun  Allah Ta`ala , wonten  pundhike  mawon  lan  eng ndalem Kahanan  punopoke  mawon (It-Taqilllaha  Khaitsumma  Kunta).

Ma’asyirol   Muslimien  Rohimakumullah :
Allah Ta’ala Sampun Pareng dawuh, bileh Sedoyo  amal  lan sedoyo ibadah ingkang sampun kito tindaaken meniko, sedoyonipun meniko mbenjang eng  alam  akheratipun, Bakal  mbekto  manfaat dumateng  kito sami, Menawi  amal  lan  ibadah  engkang  kito  tindak’aken meniko, amal lan  ibadah  engkang  sae lan  mligi  Lie  Taqorrub illallohi  Ta’ala. Ananging kosok wangsulipun menawi amal engkang sampun katinda`aken meniko mboten  sae  lan  bongso  tumindak  doso mongko  amal  meniko  mbenjang  bakal  dados  beban  kagem   kito.  Senajyan amal kolo wau namun sak wiji Dzarroh  (utawi sak wiji tomat). Dawuh Pematuriipun Allah   Ta`ala :

“Ono Ing Dino Iku (Qiyamah), Menungso Podo Ditangeake Songko Qubure Ing Ndalem Kahanan Kang Macem-Macem, Supoyo Dituduhake Marang Dewe`e (Balesan) Songko Amal Tinda`ane (Naliko Ono Ing Dunyone) # Mongko Sopo Wonge Kang Tumindak Kelawan  Amal  engkang sae  (Senajan namung) Sak  Wiji  Dzarrah, Mongko Dewe`e iku  Bakal  Mekoleh  Balesane  #  Lan  Sopo  Wonge Kang  Ninda`aken  Amal  Kemaksiatan/Tumindak Doso,(Senajan namung) Sak Wiji  Dzarrah,Mongko  Dewe`e iku Bakal  Mekoleh  Balesane” (Al Zalzalah : 6-8).

Ma’asyirol   Muslimien  Rohimakumullah
Agomo Islam sampun pareng pituduh (syari`at) dumateng umatipun. Supados tansah tumindak lurus lan tansah ninda`aken amal ibadah sarto kesaenan-kesaenan kangge bekal sangu gesang mbenjang eng alam akhiratipun.
Sebab namung amal ibadah  lan  kesaenan-kesaenan ingkang  sak  mangke  bakal dados  Sahabat  Sejati engkang badhe nututi kito sedoyo, dumugi ngadep dumateng ngarso dalem Allah Ta`ala  wonten  ing  Yaumul Hisab.

“Bakal ngiringi eng mayit(tumeko dino hisab)yaiku 3 golongan:(1)Keluargane(2)Bondo donyone (3)Amal-amale. Kang 2 (Rong) Golongan iku bakal muleh ningglake dewe`e lan engkang bakal  setia ngancani  tumekone Yaum al-Hisab (Dino  Penghitungan amal) yaiku Namung Amal-amale”(H.R. Bukhori-Muslim sangkeng Sahabat Anas bin Malik r.a.)

Milo mekaten,  temtunipun  kito sebagai  tiyang  muslim, kedah dados tiyang  engkang  cerdas,  kelawan tansah cecepengen dateng syari’at agami, yoiku tansah ngesto’aken dawuh pematuripun Kanjeng Nabi Muhammad  Saw :

“Saktemene alam dunyo iku  dicipta’ake  kanggone  sliramu anangen sakmestine sliramu iku dicipta’ake kanggone alam akhirat” (Hadist).

Gesang  eng  alam  dunyo  lir  kadiyo  tiyang engkang mampir  nginum  utawi  mampir  istirahat,  sangkeng  setunggalipun  perjalanan engkang  panjang engkang muaranipun  injeh meniko badhe tumuju  dateng  alam  keabadian.   

Gesang eng alam dunyo meniko lir kadiyo (seperti) tiyang engkang taseh lumampah (menempuh) dateng setunggalipun rute engkang sampun jelas yoiku alam akhirat, kito eng donyo meniko namung sementara, lan kehidupan eng alam akhirat meniko jelas-jelas abadi (selawas-lawasipun), sehinggo mumpung kito taseh dipun paringi kesempatan gesang eng alam dunyo meniko, monggo kito ginak'aken kelawan sak sae-saenipun kesempatan lan wekdal engkang kito miliki, sehinggo ampun ngantos kito meniko rugi lan nembe mburine rumongso gelo (menyesal) yen sampun katekanan pati utawi ajal. 

Mangertinyo bileh saktemene gesang   eng alam dunyo meniko mboten   kangge  tumuju   kematian,  Anangeng   kematian lah   engkang  badhe  ngantaraken  kito  tumuju  kehidupan  engkang nyata,   kekal   lan  abadi.

Sliramu (wong-wong kafir) iku podo mileh marang kehidupan duniawi. Eng mongko (padahal) kehidupan ono eng alam akhirat iku luweh bagus lan luweh kekal”.(Al-A’la: 17)

Eng surat Ad-Dzuha: 4, Allah Swt Sampun Dawuhaken :

“Lan Saktemene Kehidupan eng alam akhirat iku  luweh  bagus tumrape sliramu, katimbang kehidupan  ono eng alam dunyo” (QS :Ad-Dzuha : 04)

Ma’asyirol  Muslimin  Rokhimakumulloh :
Kangge penutup kulo nukilaken setunggalipun hadits, mugi-mugi saget dados nasehat lan penyemanget kito anggenipun nindaaken amal kesaenan.

Dawuhipun   Kanjeng  Rasulullah Saw :“Uripo Sak Karep-Karepmu, Tapi Podo Ingeto Yen Sak Temene Sliramu (Iku) Bakale Podo Katekan Pati # Lan Podo Ngamalo Siro Sak Karep-Karepmu, Tapi Ingeto Yen Sak Temene Sliramu (Iku) Bakal Dijalu`i Tanggung Jawabe (Bakal Mekoleh Balesane) # Lan Senengono Opo Wae (Kang Sliramu Senengi) Sak Karepmu, Tapi Ingeto Yen Sak Temene  Sliramu  iku  Yo  Mesti  Bakal  Pisah” (Hadist)

Ma’asyirol  Muslimin  Rokhimakumulloh :
Mekaten engkang saget dipun aturaken mugi saget mbekto manfaat,  monggo kito sami dedungo nyuwun dateng  Allah Ta’ala , mugi-mugi  kito  tansah Pinaringan Hidayah, Taufiq sehinggo kito saget dados tiyang Muslim engkang  cerdas  yoiku tiyang-tiyang  engkang  kepengen meraih  kesuksesan  Fie Dien, wad Dunya, Ilal Akhiroh, Sehinggo saget  pikantuk  akhir  ingkang  sae,  Khusnul Khotimah,     Amin, Ya Robbal Alamin

Tidak ada komentar:

Posting Komentar