Ma’asyirol Muslimin Rokhimakumulloh :
Wonten eng kesempatan engkang sae lan eng Majlis Ta’lim.....................engkang Mubarok meniko, Kawulo badhe ngajak dumateng awak kawulo kiyambak khususipun lan dumateng sedoyo Jama’ah Rokhimakumulloh, Monggolah, kito sami berusaha kangge ningkataken roso iman lan taqwa kito dumateng Allah SWT, Kelawan sak estu-estu Iman lan sak estu-estu Taqwa dateng Gusti Allah Swt, Yoiku: ”Kelawan berusaha kangge ninda’aken sedoyo printah-printahipun lan tansah berusaha kangge nilari sedoyo awisan-awisanipun Allah Ta’ala, Wonten pundike mawon lan eng ndalem kakahanan punopoke mawon”.(ITTAQILLAHA KHAETSUMMA KUNTA).
Ma’asyirol Muslimin Rokhimakumulloh :
Allah Ta’ala sampun dawuhaken eng Al-Qur’an Al-Kariem Surat Ali Imron : 104 :
”Wallohu ’Alamu Bie Muroddihi,lan becik ono salah siji eng antarane sliramu (iku) ummat (golongan) kang tansah gelem ngajak-ngajak marang tumindak kebagusan (tegese: Ninda’a ken Dakwah Islamiyah) lan tansah gelem printahake kebagusan kelawan ma’ruf (bijaksana) lan tansah gelem nyegah marang tumindak kemungkaran,kang mengkunu mau ikulah) wong-wong kang bakal mekoleh kabejan”. (QS:Ali imron 104)
Ma’asyirol Muslimin Rokhimakumulloh :
Dawuh perintahipun Allah Ta’ala meniko, Nedahaken bileh kaleh perkawis meniko, Tegesipun:
1).Perkawis Dakwah Islamiyah lan
2).Perkawis Amar Bil Ma’ruf Nahi anil Munkar, Meniko termasuk dados salah setunggalipun perkawis engkang penting,Sebab keleh perkawis meniko dados Pokok’ ipun Agami (Usul Ad-Dien).
Milo mekaten sehinggo prayuginipun menawi sebagian sakeng kito (Ummat Islam), Wonten engkang purun bertugas dados golongan engkang tugasipun sebagai juru dakwah (Da’i, Mubaligh utawi Penyuluh Agama Islam, engkang tansah ngajak-ngajak dumateng tumindak kesaenan(Ma’ruf) lan ugi tansah purun nyegah dateng sedoyo tumindak kemaksiatan lan kemungkaran engkang terjadi eng lingkungaipun masing-masing.
Ananing perlu kito perhatoskan, kelawan sak estu-estu bileh Dakwah Islamiyah lan Tugas Amar (Perintahaken Dumateng tumindak Kesaenan) meniko kedah lab Tansah Biel Ma’ruf, Yoiku Kelawan Metode (utawi kelawan toto coro) engkang sae ugi santun. Prihal perkawis Metode Dakwah Islamiyah lan Amar Ma’ruf Nahi Munkar meniko, Allah Ta’ala sampun Dawuhaken:
”Wallohu ’Alamu Bie Muroddihi,.......Ngajak-o (siro) (Tegese:Podo Dakwah-o Sliramu),Marang poro menungso, tumuju (Agamane) Pengeran iro, Kelawan Metode (Utawi toto coro), engkang Wicaksono lan kelawan pitutur (utawi kelawan nasehat pengajaran engkang sae)” (QS:An-Nahl :125)
Ma’asyirol Muslimin Rokhimakumulloh :
eng dalem Al-Qur’an Al-Karim, wonten kirang langkung 60 ayat engkang gegeyutan (berhubungan) kaliyan perkawes kaleh meniko.
Hal meniko nedahaken bileh perkawis kaleh meniko kedah dados perhatosan kito sami,langkung-langkung wonten eng zaman akhir sak meniko.
Allah Ta’ala Ugi Sampun Mrengetaken Dumateng Kito Sami, Lewat dawuh Pematuripun Kanjeng Nabi Muhammad Saw, Kelawan Perengetan engkang Keras !!!, Dawuhipun Kanjeng Nabi Muhammad Saw :(engkang artosipun kirang langkung mekaten) :
”Hey Poro menungso kabeh saktemene Gusti Allah Ta’ala, meniko sampun Dawuhaken marang sliramu : Hey Poro Menungso podo tumindak-no Amar Bil Ma’ruf lan podo tumindak-no Nahi Anil Munkar, sak durunge tumeko (Sijine Zaman, kang ono eng sak jerone Zaman iku) Sliramu iku podo dedungo marang Ingsun (Allah) anangeng Ingsun (Allah) iku ora bakal ngijabahi marang sekabehane dongo iro,lan sliramu iku podo nyuwun marang Ingsun (Allah), Anangeng Ingsun (Allah) iku ora bakal maringi marang sekabehane penyuwun-mu, lan sliramu iku tansah podo njaluk tulung marang Ingsun (Allah) anangeng Ingsun (Allah) iku ora bakal pareng Pitulungan Marang Sliramu”. (HR. Imam Ibnu Majjah lan Ibnu Hibban).
Ma’asyirol Muslimin Rokhimakumulloh :
Ninda’aken kaleh perkawes (Dakwah Islamiyah lan Amar Bil Ma’ruf lan Nahi Anil Munkar) eng zaman akhir engkang serba materialistis lan global meniko, temtu katah hambatan, fitnah,tantangan soho problima tikanipun engkang badhe dipun alami lan dipun adepi deneng poro Mubaligh/Da’i/Penyuluh Agama Islam, Malah terkadang ngantos dipun anggep deneng anggota keluargonipun, utawi deneng masyarakatipun soho lingkunganipun, Sebagai ”tiyang engkang aneh” utawi ”tiyang engkang terasing” sebab kiyamba’ipun meniko dianggep melawan arus & nyejeni marang kasunyatan engkang terjadi wonten eng lingkungannipun. Rasululloh Saw Sampun gambaraken wonten eng Dawuh Pematuripun : ”Tahun-tahun engkang penuh kebohongan lan tipudaya soho pengkhiyanatan, tiyang engkang tumindak salah dipun anggep bener lan tiyang engkang tumindak bener ,malah dipun anggep salah,pengkhianat dipercoyo lan tiyang engkang semestinipun saget dipun percoyo malah dipun anggep sebagai tiang engkang khianat (pengkhianat) lan tampilipun tiyang -tiyang bodoh engkang dados pemimpinipun ummat, mongko bakal mekoleh Kabejan, Sopo wong-wong kang dianggep aneh/terasing(eng masyarakatipun),(Mireng dawuh mekaten, poro sahabat sami matur):Yaa Rasulalloh, Sinten meniko engkang dipun maksud kaliyan tiyang-tiyang engkang aneh utawi terasing meniko?,jawab-ipun kanjeng Rosul:Yoiku tiyang-tiyang engkang tansah tumindak kebagusan nalikanipun sampun sami risak katahipun poro Menungso” (HR.Imam Muslim & Ibnu Majjah).
Ma’asyirol Muslimin Rokhimakumulloh :
Sintenke mawon tiyang engkang purun nindak’aken kaleh perkawes (Dakwah Islamiyah lan Amar Bil Ma’ruf lan Nahi Anil Munkar) eng Zaman akhir meniko, Mongko Gusti Allah Ta’ala iku bakal pareng Pitulungan dumateng tiyang wau lan Allah Ta’ala ugi bakal netepaken dalan gesangipun (istiqomah)’Ala Dinil Islam, Sebab kiyamba’ipun Meniko persasat sampun pareng pitulungan dumateng agomonipun Gusti Allah, Hal meniko sesuai kaliyan dawuhipun Allah Ta’ala :
”Wallohu ’Alamu Bie Muroddihi,Hey eling-eling wong-wong kang podo Iman kabeh, , lamon sliramu iku gelem nulungi (pareng pitulungan marang agamane) Gusti Allah, Mongko Gusti Allah Ta’ala iku temen bakal pareng pitulungan marang sliramu, lan Gusti Allah iku bakal netepake marang langkah-langkahmu (tegese : Istiqomah ’Ala Dinil Islam)” (QS:Muhammad : 07).
Ma’asyirol Muslimin Rokhimakumulloh :
Mekaten engkang saget dipun aturaken, mugi-mugi saget mbekto manfaat dumateng kito sami, sehinggo kito saget nindak’aken Dakwah Islamiyah Amar Bil Ma’ruf lan Nahi Anil Munkar sesuai kaliyan peran, fungsi lan kemampuan kito masing-masing, Sehinggo kito sak mangke saget pikantuk akhir engkang sae KHUSNUL KHOOTIMAH, Amien Yaa Robbal ‘Alamien.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar